Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 48:22-32 Kitab Sutji (JAV)

22. Kajaba duweke para wong Lewi lan duweke kutha iku -- kang dumunung ing tengahe wilayahing ratu mau -- kang kaapit ing wilayahe Yehuda lan Benyamin, iku kanggo raja.

23. Anadene tumrap suku-suku liyane: wiwit ing tapel-wates wetan tekan ing tapel-wates kulon iku kanggo Benyamin.

24. Adu wates karo wilayahe Benyamin, wiwit ing tapel-wates wetan nganti tekan tapel-wates kulon iku kanggo Simeon.

25. Adu wates karo wilayahe Simeon wiwit ing tapel-wates wetan nganti tekan tapel-wates kulon iku kanggo Isakhar.

26. Adu wates karo wilayahe Isakhar, wiwit ing tapel-wates wetan tekan tapel-wates kulon, iku kanggo Zebulon.

27. Adu wates karo wilayahe Zebulon, wiwit ing tapel-wates wetan tekan tapel-wates kulon, iku kanggo Gad.

28. Tapel-watese wilayahe Gad iku ing sisih kidul wiwit saka Tamar nganti tekan ing kali Mesir, terus tekan ing sagara gedhe.

29. Yaiki nagara kang kudu sira bage-bage dadi tanah-pusaka ana ing antarane suku-suku Israel, lan iku bagean-bageane. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”

30. “Iki lawang-lawange metu kutha iku: ing sisih lor, kang ukurane patang ewu limang atus asta,

31. ana gapurane telu, gapura Ruben, gapura Yehuda lan gapura Lewi -- amarga gapura-gapura kutha iku dijenengake manut jeneng-jenenge suku-suku Israel --.

32. Ing sisih wetan kang ukurane patang ewu limang atus asta, ana gapurane telu, iku gapura Yusup, gapura Benyamin lan gapura Dhan.

maca bab lengkap Yeheskiel 48