Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 45:12-23 Kitab Sutji (JAV)

12. Tumrap sira kabeh wus sapantese manawa sa-syikal iku padha karo rong puluh gera, limang syikal iya limang syikal, lan sapuluh syikal iya sapuluh syikal, lan seket syikal iku ana sa-mina.

13. Iki sesaosan mligi kang kudu padha sira unjukake: sapranem efa saka gandum sa-homer lan sapranem efa saka sair sa-homer.

14. Anadene katetepane tumrap lenga mangkene: saprasapuluh bat saka sa-kor; sa-kor iku padha karo sapuluh bat.

15. Saben cempe wedhus gembel rong atus duweke brayat siji kajupuk siji. Iku kabeh kanggo kurban dhaharan lan kurban obaran sarta kurban kaslametan kanggo nganakake pirukun tumrap wong-wong mau. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

16. Kabeh pendhudhuk nagara kudu ngunjukake pisungsung mligi marang raja Israel.

17. Dene raja kang tanggung-jawab tumrap kurban obaran, kurban dhaharan, kurban unjuk-unjukan manawa pinuju dina gedhe, sasi anyar, dina Sabat lan saben turune Israel nganakake pahargyan. Raja kang kudu nyawisake kurban pangruwating dosa, kurban dhaharan, kurban obaran lan kurban kaslametan kanggo nganakake pirukun tumrap turune Israel.”

18. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah Allah: “Ing sasi kapisan, tanggal siji sasi iku sira njupuka sapi lanang enom siji kang tanpa cacad, pasucen iku banjur sucekna.

19. Imam njupuka getih kurban pangruwating dosa sathithik lan leletna ing saka-sakane Padaleman Suci lan ing pojoke papat wengkune misbyah sarta ing saka-sakaning gapura plataran njero.

20. Mangkono uga ing tanggal sapisan sasi kapitu sira iya tumindaka mangkono kanggo para wong kang nglakoni dosa ora kanthi kajarag lan ora kasumurupan.

21. Ing sasi kapisan, tanggal patbelas sasi iku sira padha mahargyaa riyaya Paskah lan ing sajrone pitung dina sira padha mangana roti tanpa ragi.

22. Ing dina iku raja nyawisna sapi lanang kanggo kurban pangruwating dosa tumuju marang awake dhewe lan wong sanagara kabeh.

23. Ing sajroning pitung dina ing dina gedhe iku, raja nyawisana kurban obaran kagem Sang Yehuwah: saben dina sapi lanang pitu lan wedhus gembel lanang pitu kang tanpa cacad tuwin kanggo kurban pangruwating dosa saben dina wedhus jawa lanang siji.

maca bab lengkap Yeheskiel 45