Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 41:1-3 Kitab Sutji (JAV)

1. Aku banjur kabekta menyang ing sajroning bangsal gedhe ing Padaleman Suci kono sarta panjenengane ngukur sakaning temboke: kandele ing sisih kene enem asta, ing sisih kanane uga enem asta.

2. Ambane lawange sapuluh asta lan ambane tembok sandhinge ing sisih kene limang asta, ing sisih kana uga limang asta. Dawaning bangsal gedhe iya kaukur; patang puluh asta, dene ambane rong puluh asta.

3. Panjenengane nuli lumebet ing kamar njero. Sakaning temboke banjur kaukur: kandele rong asta, dene ambane lawange dhewe: enem asta, tuwin tembok ing sandhinge ing sisih kene pitung asta, ing sisih kanane pitung asta.

maca bab lengkap Yeheskiel 41