Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 4:6-14 Kitab Sutji (JAV)

6. Manawa iku wus sira tindakake, banjur turona miring maneh, nanging miring manengen lan sira nyanggaa paukumane Yehuda lawase patang puluh dina; Ingsun netepake tumrap sira sadina kanggo sataun.

7. Sira mandenga marang Yerusalem kang kakepung iku lan ethungana antem sarta medhara wangsit nglawan kutha iku.

8. Lah sira bakal Suntaleni, satemah anggonira turon ora bisa alihan nganti sira wus ngganepi dinaning pangepunganira iku.

9. Sabanjure sira njupuka gandum sair, kedhele, kacang, jewawut lan kusemet, iku dadekna siji ana ing wadhah, nuli olahen dadekna roti. Iku minangka panganira ing sajrone sira turon miring iku, yaiku telung atus sangang puluh dina.

10. Lan panganira iku kehe bakal katemtokake sarana katimbang: sadinane rong puluh sekel; iku sira pangana ing wektu-wektu kang wus katemtokake.

11. Banyu kang sira ombe uga bakal katemtokake: sapranem hin; iku sira ombea ing wektu-wektu kang wus katemtokake.

12. Roti iku sira pangana kayadene roti sair bunder tuwin kudu sira bakar ing geni sesukering manungsa ana ing ngarepe wong-wong mau.”

13. Pangeran Yehuwah nuli ngandika maneh: “Wong Israel bakal Sunbuwang menyang ing satengahing bangsa-bangsa lan kalawan mangkono bakal mangan rotine ana ing kana kalawan najis.”

14. Aku banjur munjuk: “Dhuh Pangeran Yehuwah, saestu kawula dereng nate kanajisaken, lan wiwit enem ngantos dumugi sapunika dereng nate nedha bebathang utawi sisaning memangsanipun kewan galak, punapa malih cangkem kawula dereng nate klebetan daging bosok.”

maca bab lengkap Yeheskiel 4