Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 4:10-17 Kitab Sutji (JAV)

10. Lan panganira iku kehe bakal katemtokake sarana katimbang: sadinane rong puluh sekel; iku sira pangana ing wektu-wektu kang wus katemtokake.

11. Banyu kang sira ombe uga bakal katemtokake: sapranem hin; iku sira ombea ing wektu-wektu kang wus katemtokake.

12. Roti iku sira pangana kayadene roti sair bunder tuwin kudu sira bakar ing geni sesukering manungsa ana ing ngarepe wong-wong mau.”

13. Pangeran Yehuwah nuli ngandika maneh: “Wong Israel bakal Sunbuwang menyang ing satengahing bangsa-bangsa lan kalawan mangkono bakal mangan rotine ana ing kana kalawan najis.”

14. Aku banjur munjuk: “Dhuh Pangeran Yehuwah, saestu kawula dereng nate kanajisaken, lan wiwit enem ngantos dumugi sapunika dereng nate nedha bebathang utawi sisaning memangsanipun kewan galak, punapa malih cangkem kawula dereng nate klebetan daging bosok.”

15. Aku tumuli dipangandikani mangkene: “Lah yen mangkono sira Sunparengake nganggo sesuker sapi minangka gantine sesuker manungsa, sarta rotinira kabakara ana ing kono.”

16. Sawuse mangkono aku banjur dipangandikani mangkene: “He, anaking manungsa, lah Ingsun bakal nyirnakake simpenane pangan ing Yerusalem -- lan wong-wong mau kalawan prihatin anggone mangan roti kang bobote wus katemtokake; mangkono uga anggone bakal ngombe banyu kang wus katemtokake takerane, iya kalawan susah banget --

17. iku supaya padha kakurangan pangan lan ngombe, satemah padha ngenes tuwin padha gering ana ing sajroning paukumane.

maca bab lengkap Yeheskiel 4