Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 4:1-12 Kitab Sutji (JAV)

1. “He, anaking manungsa, sira njupuka bata, selehna ana ing ngarepira, lan nggambara kutha ana ing dhuwure, yaiku Yerusalem.

2. Kutha iku enthanen lagi kakepung: dokokana beteng pangepungan, gawea undhug-undhugan lemah kang dadi tangguling pangepungan, dokokana tarub panginepaning wadya-bala sarta ing sakubenging kutha iku pasangana totog.

3. Nuli sira njupuka wesi wajan blebekan, iku degna ana ing antaranira lan kutha mau minangka pager wesi, sawuse mangkono sira marepa mrono, dadine kutha iku kakepung lan sira kepung. Iki dadi pratandha tumrap turune Israel.

4. Sira banjur turona miring ngiwa, sira nanggunga paukumane turuning Israel. Pirang dina anggonira turon mangkono iku, iya samono lawase anggonira nyangga paukumane.

5. Mangkene anggoningSun netepake tumrap sira: Pirang taun anggone turune Israel kaukum, iya iku cacahing dina anggonira nanggung paukumane, yaiku telung atus sangang puluh dina.

6. Manawa iku wus sira tindakake, banjur turona miring maneh, nanging miring manengen lan sira nyanggaa paukumane Yehuda lawase patang puluh dina; Ingsun netepake tumrap sira sadina kanggo sataun.

7. Sira mandenga marang Yerusalem kang kakepung iku lan ethungana antem sarta medhara wangsit nglawan kutha iku.

8. Lah sira bakal Suntaleni, satemah anggonira turon ora bisa alihan nganti sira wus ngganepi dinaning pangepunganira iku.

9. Sabanjure sira njupuka gandum sair, kedhele, kacang, jewawut lan kusemet, iku dadekna siji ana ing wadhah, nuli olahen dadekna roti. Iku minangka panganira ing sajrone sira turon miring iku, yaiku telung atus sangang puluh dina.

10. Lan panganira iku kehe bakal katemtokake sarana katimbang: sadinane rong puluh sekel; iku sira pangana ing wektu-wektu kang wus katemtokake.

11. Banyu kang sira ombe uga bakal katemtokake: sapranem hin; iku sira ombea ing wektu-wektu kang wus katemtokake.

12. Roti iku sira pangana kayadene roti sair bunder tuwin kudu sira bakar ing geni sesukering manungsa ana ing ngarepe wong-wong mau.”

maca bab lengkap Yeheskiel 4