Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 39:21-29 Kitab Sutji (JAV)

21. Ingsun bakal nglairake pangwaosingSun ana ing antarane para bangsa lan iku kabeh bakal padha sumurup marang paukuman kang bakal Sundhawahake sarta ndeleng astaningSun kang bakal Sundhawahake marang bangsa-bangsa mau.

22. Ing kono para turune Israel bakal sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, Allahe, yaiku wiwit ing dina iku lan sabanjure,

23. sarta para bangsa bakal padha sumurup, manawa turune Israel anggone kabuwang iku marga saka kaluputane lan marga saka anggone banjur ora setya marang Ingsun, mulane Ingsun nutupi pasuryaningSun manawa karo turune Israel iku, tuwin Ingsun banjur ngulungake wong-wong iku marang ing tangane para mungsuhe, kabeh nuli padha mati dening pedhang.

24. Laras kalawan kanajisan lan durakane anggoningSun matrapi wong-wong iku, sarta Ingsun nutupi pasuryaningSun manawa karo turune Israel iku.

25. Awit saka iku mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing saikine, Ingsun bakal mulihake kaanane Yakub lan bakal nandukake kawelasan marang turune Israel lan marga saka bentering panggalihingSun, Ingsun bakal ngekahi asmaningSun kang suci.

26. Wong-wong iku bakal lali marang kawirangane lan sakehe tumindake kang ora setya, kang dilakoni tumrap Ingsun samangsa wus bali manggon ing tanahe kalawan tentrem lan ora ana kang njalari wedine,

27. sarta sawuse Sunpundhut saka ing satengahe para bangsa lan Sunklempakake saka ing tanahe mungsuh-mungsuhe tuwin Ingsun ngatingalake kasuceningSun marang dheweke kabeh ana ing ngarepe para bangsa kang akeh.

28. Ing kono banjur bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, Allahe, kang mbekta menyang ing tanah pambuwangan ing satengahe para bangsa lan kang nglempakake maneh ana ing tanahe tuwin kang ora marengake siji bae keri ana ing kana.

29. Ingsun ora nutupi pasuryaningSun maneh tumrap wong-wong iku, samangsa Ingsun ngesokake RohingSun marang turune Israel. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”

maca bab lengkap Yeheskiel 39