Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 39:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Anadene sira, he anaking manungsa, sira medhara wangsit nglawan Gog lan tutura: Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun bakal dadi mungsuhira, he, Gog maharaja ing nagara Mesekh lan Tubal,

2. lan Ingsun bakal nggered lan nuntun sira sarta Ingsun bakal ndhatengake sira saka ing poncot lor lan ngirid sira menyang ing gunung-gununge Israel.

3. Ingsun bakal nggebag tanganira kang kiwa, temah gendhewanira mrucut lan panahira padha uwal saka ing tanganira kang tengen.

4. Sira bakal ambruk ana ing gunung-gununge Israel bebarengan karo wadya-balanira kabeh lan bangsa-bangsa kang padha mbiyantu sira, tuwin sira bakal Sunpakakake marang sawernane manuk-manuk galak lan marang kewan-kewan galak, dadia memangsane.

5. Sira bakal ambruk ana ing ara-ara, dene Ingsun kang mangandikakake bab iki, makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah.

6. Ingsun bakal dhatengake geni kang nempuh marang Magog lan marang wong-wong kang padha manggon ing dhaerah pesisir kanthi tentrem lan ayem. Ing kono banjur bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.

7. Sarta Ingsun bakal nedahake asmaningSun kang suci ana ing satengahing umatingSun Israel lan Ingsun ora bakal marengake maneh asmaningSun kang suci kanajisake, satemah para bangsa bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, Kang Mahasuci ing Israel.

8. Lah iku mesthi bakal teka lan bakal kelakon, yaiku dina kang wus Sunpangandikakake iku.

maca bab lengkap Yeheskiel 39