Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 38:19-23 Kitab Sutji (JAV)

19. ing sajrone bentering panggalihingSun lan ing sajrone mulad-mulading bebenduningSun, Ingsun bakal ngandika: Ing dina iku mesthi bakal ana lindhu kang nggegirisi ing tanah Israel.

20. Iwak-iwak ing sagara, manuk-manuk ing awang-awang, kewan-kewan ing alas, sakehing kewan kang gumremet lan sakehing manungsa kang ana ing bumi bakal padha gumeter ndeleng pasuryaningSun. Gunung-gunung bakal padha gugur, peperenging gunung bakal padha longsor lan saben tembok bakal ambruk.

21. Ingsun bakal nganakake samubarang kabeh kang gawe kagete Gog -- makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah -- satemah pedhang kang siji bakal mangsa sijine.

22. Ingsun bakal paring paukuman marang Gog awujud pageblug lan wutahing getih; Ingsun bakal nganakake udan deres, udan krikil, udan geni lan udan welirang kang tumempuh marang dheweke marang wadya-balane lan marang bangsa akeh kang padha mbiyantu dheweke.

23. Ingsun bakal ngatingalake kamulyaningSun lan kasuceningSun sarta bakal ngatingalake sariraningSun ana ing sangarepe bangsa akeh, temah wong-wong bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.

maca bab lengkap Yeheskiel 38