Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 36:7-12 Kitab Sutji (JAV)

7. Awit saka iku mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun supaos, manawa para bangsa ing sakubengira dhewe iku mesthi bakal nandhang kawirangane.

8. Anadene sira, gunung-gununge Israel, bakal metu trubusira maneh lan bakal metokake woh kanggo umatingSun Israel, marga bakal enggal padha bali.

9. PanggalihingSun bakal pulih becik maneh lan Ingsun bakal nggalih marang sira kabeh lan sira bakal padha kagarap lan kesebaran.

10. Sira bakal Suniseni manungsa akeh, yaiku sagolongane turune Israel kabeh; kutha-kutha bakal dienggoni maneh sarta reruntuhan bakal kabangun maneh.

11. Sira bakal Suniseni manungsa lan kewan akeh, iku bakal padha wuwuh akeh lan padha bebranahan sarta Ingsun bakal ndadekake sira padha dienggoni maneh kaya ing sakawit tuwin bakal nandukake kebecikan marang sira ngluwihi kang uwis-uwis, temah sira bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.

12. Ingsun bakal damel manungsa padha teka lunga ana ing sira, yaiku umatingSun Israel; iku bakal padha ngenggoni sira lan sira bakal dadi tanah-pusakane tuwin sira ora bakal nyirnakake wong-wong iku maneh.

maca bab lengkap Yeheskiel 36