Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 36:25-32 Kitab Sutji (JAV)

25. Sira bakal padha Sunesoki banyu bening, kang bakal ngresikake sira; Ingsun bakal ngresiki sakabehing kanajisanira lan sakehing brahalanira.

26. Ingsun bakal maringi ati kang anyar marang sira lan roh kang anyar ana ing sajroning batinira sarta Ingsun bakal ngedohake saka ing sira atinira kang wangkot tuwin sira Sunparingi ati kang mbangun miturut.

27. RohingSun bakal Sunparingake supaya dumunung ana ing batinira sarta Ingsun bakal ndadekake sira padha urip manut sakehing katetepaningSun lan tansah nggondeli tuwin nindakake pranatan-pranataningSun.

28. Sabanjure sira bakal padha manggon ana ing nagara kang wus Sunparingake marang leluhurira sarta sira bakal dadi umatingSun lan Ingsun bakal dadi Allahira.

29. Ingsun bakal ngluwari sira saka ing sakehing dosaning kanajisanira sarta Ingsun bakal nukulake gandum tuwin kang banjur Sundadosake akeh apadene Ingsun ora bakal ndhatengake pailan maneh marang sira.

30. Ingsun uga ngakehake wohing wit-witanira lan pametuning pategalanira, supaya aja nganti nandhang kawirangan maneh ana ing satengahe bangsa-bangsa marga saka keluwen.

31. Sabanjure sira bakal tansah padha kelingan marang kalakuanira kang ala tuwin tumindakira kang ora becik sarta sira bakal padha rumangsa enek ndeleng awakira dhewe marga saka sakehing kaluputanira lan panggawenira kang nistha.

32. Ora marga sira anggoningSun nindakake iku -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- iku supaya sira mangreteni. Sira padha rumangsaa isin lan cikben sira kaisin-isin marga saka kalakuanira, he, turune Israel.

maca bab lengkap Yeheskiel 36