Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 36:24-38 Kitab Sutji (JAV)

24. Ingsun bakal methuk sira kabeh saka ing antarane para bangsa lan nglempakake sira saka ing sakehing nagara; sira bakal padha Sunirid bali menyang ing tanahira.

25. Sira bakal padha Sunesoki banyu bening, kang bakal ngresikake sira; Ingsun bakal ngresiki sakabehing kanajisanira lan sakehing brahalanira.

26. Ingsun bakal maringi ati kang anyar marang sira lan roh kang anyar ana ing sajroning batinira sarta Ingsun bakal ngedohake saka ing sira atinira kang wangkot tuwin sira Sunparingi ati kang mbangun miturut.

27. RohingSun bakal Sunparingake supaya dumunung ana ing batinira sarta Ingsun bakal ndadekake sira padha urip manut sakehing katetepaningSun lan tansah nggondeli tuwin nindakake pranatan-pranataningSun.

28. Sabanjure sira bakal padha manggon ana ing nagara kang wus Sunparingake marang leluhurira sarta sira bakal dadi umatingSun lan Ingsun bakal dadi Allahira.

29. Ingsun bakal ngluwari sira saka ing sakehing dosaning kanajisanira sarta Ingsun bakal nukulake gandum tuwin kang banjur Sundadosake akeh apadene Ingsun ora bakal ndhatengake pailan maneh marang sira.

30. Ingsun uga ngakehake wohing wit-witanira lan pametuning pategalanira, supaya aja nganti nandhang kawirangan maneh ana ing satengahe bangsa-bangsa marga saka keluwen.

31. Sabanjure sira bakal tansah padha kelingan marang kalakuanira kang ala tuwin tumindakira kang ora becik sarta sira bakal padha rumangsa enek ndeleng awakira dhewe marga saka sakehing kaluputanira lan panggawenira kang nistha.

32. Ora marga sira anggoningSun nindakake iku -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- iku supaya sira mangreteni. Sira padha rumangsaa isin lan cikben sira kaisin-isin marga saka kalakuanira, he, turune Israel.

33. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing dina anggoningSun ngresiki sakehing kasalahanira, Ingsun bakal ndadekake kutha-kutha padha dienggoni maneh lan reruntuhan bakal kabangun maneh.

34. Tanah kang wus suwe bera, bakal kagarap maneh, supaya aja tetep bera ana ing ngarepe sakehing wong kang liwat ing kono.

35. Nanging kosokbaline wong-wong bakal kandha: Tanah kang wus lawas bera iki saiki dadi kaya patamanan Eden lan kutha-kutha kang wus rusak sepi mamring lan wus dadi reruntuhan, saiki kaenggonan lan dadi beteng,

36. tuwin kekarene bangsa-bangsa kang ana ing sakubengira bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, kang mbangun maneh kang wus rusak lan nanemi maneh kang wus bera. Ingsun, Yehuwah, kang ngandika mangkono lan bakal tumindak mangkono.

37. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing bab iki Ingsun mundhut, supaya turune Israel padha nyuwun marang Ingsun, apa kang dikarepake kang supaya Suntindakake, yaiku ndadekake turune Israel dadi akeh nganti kaya samodra.

38. Nganti kaya wedhus-wedhus kurban suci lan kayadene wedhus-wedhus ing Yerusalem ing dina-dina gedhe, iya kaya mangkono iku dadine kutha-kutha kang maune wus rusak, banjur kebak wong nganti kaya samodra. Marga saka mangkono wong-wong banjur padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.”

maca bab lengkap Yeheskiel 36