Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 36:11-27 Kitab Sutji (JAV)

11. Sira bakal Suniseni manungsa lan kewan akeh, iku bakal padha wuwuh akeh lan padha bebranahan sarta Ingsun bakal ndadekake sira padha dienggoni maneh kaya ing sakawit tuwin bakal nandukake kebecikan marang sira ngluwihi kang uwis-uwis, temah sira bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.

12. Ingsun bakal damel manungsa padha teka lunga ana ing sira, yaiku umatingSun Israel; iku bakal padha ngenggoni sira lan sira bakal dadi tanah-pusakane tuwin sira ora bakal nyirnakake wong-wong iku maneh.

13. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing sarehne wong anggone ngrasani sira: Sira iku memangsa manungsa lan nyirnakake bangsanira --

14. mulane sira ora bakal mangsa manungsa maneh lan ora bakal nyirnakake bangsanira maneh. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

15. Ingsun bakal damel, supaya wong ora ngrembug bab kawirangan kang tuwuh saka ing bangsa-bangsa tumrap sira sarta sira ora bakal ngrasakake panacading bangsa-bangsa maneh apadene sira ora bakal nyirnakake bangsanira maneh. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”

16. Sawuse mangkono nuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

17. “He, anaking manungsa, nalika turune Israel padha manggon ana ing tanahe, padha najisake tanah iku kalawan solah tingkahe; kalakuane ana ing ngarsaningSun kayadene najise wong wadon kang lagi nggarap sari.

18. Mulane Ingsun banjur ngesokake dedukaningSun marga saka getih kang diwutahake ana ing tanah kono lan marga saka anggone najisake tanah iku kalawan brahala-brahalane.

19. Banjur padha Sunbuyarake ana ing antarane para bangsa, satemah padha sumebar ana ing sakehing nagara. Padha Sunadili kang laras karo panggawene.

20. Ana ing ngendi bae ana ing satengahe bangsa-bangsa iku, padha najisake asmaningSun kang suci, marga padha dikandhakake: Jarene padha dadi umate Sang Yehuwah, lah kok padha diwetokake saka ing tanah kagungane!

21. Ingsun rumaos gerah ing panggalih, dene asmaningSun kang suci dinajisake dening turuning Israel ana ing satengahe para bangsa, kang padha ditekani.

22. Mulane turune Israel iku padha sira kandhanana: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ora marga saka sira anggoningSun tumindak iku, he, turuning Israel, nanging marga saka asmaningSun kang suci kang sira najisake ana ing satengahe para bangsa kang padha sira tekani.

23. Ingsun bakal nucekake asmaningSun kang luhur kang wus sira najisake ana ing satengahe para bangsa, kang sira najisake ana ing satengahe wong-wong iku. Satemah para bangsa bakal sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- yaiku samangsa Ingsun ngatingalake kasuceningSun marang sira ana ing sangarepe para bangsa.

24. Ingsun bakal methuk sira kabeh saka ing antarane para bangsa lan nglempakake sira saka ing sakehing nagara; sira bakal padha Sunirid bali menyang ing tanahira.

25. Sira bakal padha Sunesoki banyu bening, kang bakal ngresikake sira; Ingsun bakal ngresiki sakabehing kanajisanira lan sakehing brahalanira.

26. Ingsun bakal maringi ati kang anyar marang sira lan roh kang anyar ana ing sajroning batinira sarta Ingsun bakal ngedohake saka ing sira atinira kang wangkot tuwin sira Sunparingi ati kang mbangun miturut.

27. RohingSun bakal Sunparingake supaya dumunung ana ing batinira sarta Ingsun bakal ndadekake sira padha urip manut sakehing katetepaningSun lan tansah nggondeli tuwin nindakake pranatan-pranataningSun.

maca bab lengkap Yeheskiel 36