Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 35:2-15 Kitab Sutji (JAV)

2. “He, anaking manungsa, sira madhepa marang ing pagunungan Seir, medhara wangsit nglawan iku

3. lan tutura mangkene: Pangeran Yehuwah ngandika mangkene: Ingsun bakal dadi mungsuhira, he pagunungan Seir, lan Ingsun bakal ngagagake astaningSun nglawan marang sira sarta bakal Sunsirnakake lan Sundadosake sepi mamring.

4. Ingsun bakal ndadosake kutha-kuthanira dadi reruntuhan tuwin sira bakal dadi sepi mamring, sarta sira bakal sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.

5. Ing sarehne atinira kadunungan rasa memungsuhan turun-tumurun lan sira ngulungake wong Israel dadi memangsaning pedhang ing dinane kasangsaran ing waktu tumibaning pangadilane kang wekasan,

6. mulane, demi Ingsun kang gesang -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- sira bakal Sundadekake getih lan bakal kaoyak dening getih; ing sarehne sira kaluputan marga ngilekake getih, mulane getih bakal ngoyak sira.

7. Ingsun bakal nyirnakake pagunungan Seir lan Sundadekake sepi mamring tuwin Ingsun bakal nyirnakake sapa kang teka lunga ing kono.

8. Pagunungane uga bakal Sunkebaki kalawan wong-wong kang mati marga dipateni. Wong-wong kang mati kena ing pedhang bakal padha ambruk ana ing tengger-tenggerira, ing lembah-lembahira lan ing dhasar-dhasaring kalinira.

9. Sira bakal Sundadekake sepi mamring ing salawas-lawase tuwin kutha-kuthanira ora bakal dienggoni maneh. Ing kono sira bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.

10. Ing sarehne sira celathu: Bangsa loro lan nagara loro iku bakal dadi duwekku lan kita kang bakal nduweni -- mangka sanyatane Sang Yehuwah ana ing kono --

11. mulane, demi Ingsun kang gesang -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- Ingsun bakal nandukake marang sira kaya kang wus sira tandukake marang turune Israel ing sajrone kanepsonira lan kamerenira, kang marga saka sengitira marang wong-wong mau; sarta Ingsun bakal ngrawuhi sira samangsa Ingsun ngadili sira.

12. Ing kono sira bakal sumurup, manawa Ingsun iki, Yehuwah, midhanget sakehing pangala-alanira kang sira ucapake marang gunung-gununge Israel yaiku mangkene: Gunung-gunung iku wus dadi sepi mamring lan kaulungake marang kita dadi pangan kita.

13. Kalawan mangkono iku sira ngegungake awakira dhewe ana ing ngarsaningSun kanthi pangucapira sarta akeh banget tembungira marang Ingsun. Iku Sunpiyarsakake.

14. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Salumahing bumi bakal sukarena ing waktu sira Sundadekake sepi mamring.

15. Kaya anggonira abungah-bungah ing bab pusakane turune Israel, kang wus dadi sepi mamring, iya kaya mangkono iku kang bakal Suntandukake marang sira. Sira bakal dadi sepi mamring, he, pagunungan Seir lan sira, Edom sakukubanira kabeh. Ing kono wong-wong bakal sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.”

maca bab lengkap Yeheskiel 35