Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 34:15-26 Kitab Sutji (JAV)

15. Ingsun piyambak kang bakal ngengon wedhus-wedhusingSun lan padha Sunpurih njerum. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

16. Kang ilang bakal Sunpadosi, kang katriwal bakal Sunbekta bali, kang tatu bakal Sunblebed, kang lara bakal Sunkiyatake, apadene kang lemu lan kang rosa bakal Sunayomi. Bakal padha Sunengon samesthine.

17. Sabanjure, he, sira wedhus-wedhusingSun, -- mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah -- lah Ingsun bakal dadi hakim tumrap wedhus-wedhus iku, lan tumrap wedhus lanang kang gembel lan kang dudu gembel.

18. Apa durung cukup tumrap sira, sira padha ngentekake suket ing ara-ara kang becik dhewe iku? Apa sira isih arep ngidak-idak ara-ara liyane kalawan sikilira? Apa durung cukup sira ngombe banyu kang bening iku? Apa sira isih arep mbuthekake kekarene kalawan sikilira?

19. Apa wedhus-wedhusingSun kudune nyenggut suket kang wus sira idak-idak lan ngombe banyu kang wus sira buthekake kalawan sikilira?

20. Awit saka iku -- mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah -- lah Ingsun piyambak bakal dadi hakim ana ing antarane wedhus-wedhus kang lemu lan kang kuru;

21. sarehne kabeh kang ringkih padha sira sodhog kalawan lambungira lan baunira sarta sira bijig kalawan sungunira, nganti padha sira srudug metu saka ing kandhang.

22. Mulane Ingsun bakal nulungi wedhus-wedhusingSun, supaya aja nganti dadi memangsan maneh, tuwin Ingsun bakal dadi hakim ana ing antarane wedhus-wedhus.

23. Ingsun bakal ngangkat sawijining pangon kanggo wedhus-wedhus iku, kang bakal ngengon, yaiku abdiningSun Dawud; iku kang bakal ngengon lan dadi pangone.

24. Dene Ingsun, Yehuwah bakal dadi Allahe sarta abdiningSun Dawud bakal dadi raja ana ing satengahe. Ingsun, Yehuwah, kang ngandika mangkono.

25. Ingsun bakal nganakake prajanjian karukunan kalawan wedhus-wedhusingSun tuwin Ingsun bakal nyingkirake sakehe kewan galak saka ing tanah kono, satemah wedhus-wedhusingSun bisa manggon ana ing pasamunan kalawan ayem tentrem lan bisa turu ana ing alas.

26. Ingsun bakal ndadosake wedhus-wedhus iku lan kabeh kang ana ing sakubenge gunungingSun dadi berkah; Ingsun bakal paring udan ing pepancene wektune; iku udan kang nggawa berkah.

maca bab lengkap Yeheskiel 34