Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 34:11-28 Kitab Sutji (JAV)

11. Awit mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun piyambak bakal migatosake marang wedhus-wedhusingSun lan bakal Sunpadosi.

12. Kaya pangon kang nggoleki wedhuse kang pisah karo pepanthane mangkono anggoningSun bakal ngupadosi wedhus-wedhusingSun lan bakal Sunluwari saka ing sakehing panggonan anggone padha kaulungake nalika dinane mendhung lan peteng.

13. Bakal padha Sunirid metu saka ing satengahe para bangsa lan Sunklempakake saka ing nagara-nagara sarta Sunirid marang ing tanahe; Ingsun bakal ngengon wedhus-wedhusingSun iku mau ana ing gunung-gununge Israel, ana ing lebak-lebaking kaline lan ana ing papan panggonane wong kono kabeh.

14. Bakal padha Sunengon ana ing ara-ara kang becik; papan pangonane ana ing gunung-gununge Israel kang dhuwur; ana ing papan pangonan kang becik iku anggone bakal padha njerum sarta kang dadi pakane suket kang seger ing gunung-gununge Israel.

15. Ingsun piyambak kang bakal ngengon wedhus-wedhusingSun lan padha Sunpurih njerum. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

16. Kang ilang bakal Sunpadosi, kang katriwal bakal Sunbekta bali, kang tatu bakal Sunblebed, kang lara bakal Sunkiyatake, apadene kang lemu lan kang rosa bakal Sunayomi. Bakal padha Sunengon samesthine.

17. Sabanjure, he, sira wedhus-wedhusingSun, -- mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah -- lah Ingsun bakal dadi hakim tumrap wedhus-wedhus iku, lan tumrap wedhus lanang kang gembel lan kang dudu gembel.

18. Apa durung cukup tumrap sira, sira padha ngentekake suket ing ara-ara kang becik dhewe iku? Apa sira isih arep ngidak-idak ara-ara liyane kalawan sikilira? Apa durung cukup sira ngombe banyu kang bening iku? Apa sira isih arep mbuthekake kekarene kalawan sikilira?

19. Apa wedhus-wedhusingSun kudune nyenggut suket kang wus sira idak-idak lan ngombe banyu kang wus sira buthekake kalawan sikilira?

20. Awit saka iku -- mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah -- lah Ingsun piyambak bakal dadi hakim ana ing antarane wedhus-wedhus kang lemu lan kang kuru;

21. sarehne kabeh kang ringkih padha sira sodhog kalawan lambungira lan baunira sarta sira bijig kalawan sungunira, nganti padha sira srudug metu saka ing kandhang.

22. Mulane Ingsun bakal nulungi wedhus-wedhusingSun, supaya aja nganti dadi memangsan maneh, tuwin Ingsun bakal dadi hakim ana ing antarane wedhus-wedhus.

23. Ingsun bakal ngangkat sawijining pangon kanggo wedhus-wedhus iku, kang bakal ngengon, yaiku abdiningSun Dawud; iku kang bakal ngengon lan dadi pangone.

24. Dene Ingsun, Yehuwah bakal dadi Allahe sarta abdiningSun Dawud bakal dadi raja ana ing satengahe. Ingsun, Yehuwah, kang ngandika mangkono.

25. Ingsun bakal nganakake prajanjian karukunan kalawan wedhus-wedhusingSun tuwin Ingsun bakal nyingkirake sakehe kewan galak saka ing tanah kono, satemah wedhus-wedhusingSun bisa manggon ana ing pasamunan kalawan ayem tentrem lan bisa turu ana ing alas.

26. Ingsun bakal ndadosake wedhus-wedhus iku lan kabeh kang ana ing sakubenge gunungingSun dadi berkah; Ingsun bakal paring udan ing pepancene wektune; iku udan kang nggawa berkah.

27. Wit-witan ing ara-ara bakal padha metokake wohe tuwin tanah iku bakal menehake pametune. Wedhus-wedhusingSun bakal urip kalawan ayem tentrem ana ing tanahe. Bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, yaiku samangsa Ingsun wus mutung kayuning pasangane lan ngluwari wedhus-wedhus iku saka ing tanganing wong kang ngawulakake.

28. Ing kono banjur wus padha ora dadi rayahane para bangsa maneh lan kewan alasan ora bakal nubruk, satemah padha bisa manggon kalawan ayem tentrem sarta ora bakal digawe kaget dening apa bae.

maca bab lengkap Yeheskiel 34