Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 34:11-17 Kitab Sutji (JAV)

11. Awit mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun piyambak bakal migatosake marang wedhus-wedhusingSun lan bakal Sunpadosi.

12. Kaya pangon kang nggoleki wedhuse kang pisah karo pepanthane mangkono anggoningSun bakal ngupadosi wedhus-wedhusingSun lan bakal Sunluwari saka ing sakehing panggonan anggone padha kaulungake nalika dinane mendhung lan peteng.

13. Bakal padha Sunirid metu saka ing satengahe para bangsa lan Sunklempakake saka ing nagara-nagara sarta Sunirid marang ing tanahe; Ingsun bakal ngengon wedhus-wedhusingSun iku mau ana ing gunung-gununge Israel, ana ing lebak-lebaking kaline lan ana ing papan panggonane wong kono kabeh.

14. Bakal padha Sunengon ana ing ara-ara kang becik; papan pangonane ana ing gunung-gununge Israel kang dhuwur; ana ing papan pangonan kang becik iku anggone bakal padha njerum sarta kang dadi pakane suket kang seger ing gunung-gununge Israel.

15. Ingsun piyambak kang bakal ngengon wedhus-wedhusingSun lan padha Sunpurih njerum. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

16. Kang ilang bakal Sunpadosi, kang katriwal bakal Sunbekta bali, kang tatu bakal Sunblebed, kang lara bakal Sunkiyatake, apadene kang lemu lan kang rosa bakal Sunayomi. Bakal padha Sunengon samesthine.

17. Sabanjure, he, sira wedhus-wedhusingSun, -- mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah -- lah Ingsun bakal dadi hakim tumrap wedhus-wedhus iku, lan tumrap wedhus lanang kang gembel lan kang dudu gembel.

maca bab lengkap Yeheskiel 34