Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 33:4-21 Kitab Sutji (JAV)

4. manawa ana wong kang pancen krungu swaraning slompret iku, nanging emoh dielingake, satekane pedhang mau, dheweke mesthi kasirnakake sarta getihe tumempuh marang awake dhewe.

5. Krungu swaraning slompret, nanging emoh dielingake, getihe tumempuh marang awake dhewe. Saupama gelem dielingake, nyawane slamet.

6. Nanging manawa prajurit jaga mau sumurup tekaning pedhang, mangka ora banjur ngunekake slompret, dadine bangsane ora dielingake, satekane pedhang mau, nuli ana wong panunggalane kang disirnakake, sanadyan wong iki mati marga saka kaluputane, nanging Ingsun bakal mundhut tanggung jawab bab nyawane wong iku marang kang jaga mau.

7. Dene sira, he, anaking manungsa, sira Sundadekake penjagane para turune Israel. Samangsa sira krungu pangandikaningSun, wong-wong iku padha elingna atas asmaningSun.

8. Manawa Ingsun ngandika marang wong duraka: He, wong duraka, sira mesthi mati -- sira ora kandha apa-apa kanggo ngelingake wong duraka iku supaya mratobat, -- wong iku mati marga saka kaluputane, nanging Ingsun mundhut tanggung-jawab bab nyawane marang sira.

9. Nanging manawa sira ngelingake wong duraka iku supaya mratobat, nanging emoh mratobat, wong iku bakal mati marga saka durakane, nanging nyawanira slamet.

10. Sabanjure sira, he anaking manungsa sira tutura marang para turune Israel: Sira padha celathu mangkene: Panerak lan dosaku wus tumempuh marang aku kabeh, satemah aku padha tiwas; kapriye anggonku padha bisa lestari urip?

11. Sira tutura marang wong-wong iku: Demi Ingsun kang gesang, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Ingsun ora ngarsakake patine wong duraka, nanging Ingsun ngarsakake pamratobate wong duraka supaya urip. Padha mratobata, padha sumingkira saka ing lakunira kang ala iku! Yagene sira bakal padha mati, he para turune Israel?

12. Anadene sira, he anaking manungsa, sira tutura marang para mitranira tunggal bangsa mangkene: Kamursidane wong mursid iku ora njalari slamete, samangsa wong iku nglakoni panerak; lan pialane wong ala ora njalari anggone kesandhung, samangsa wong iku nyingkiri pialane; lan wong mursid ora bisa urip marga saka kamursidane, samangsa nglakoni dosa.

13. Manawa Ingsun ngandika marang wong mursid: sira mesthi urip! -- mangka wong iku ngendelake kamursidane, lan banjur nglakoni piala, kabeh panggawene becik ora bakal kaetung, lan wong mau mesthi mati marga saka pialane kang katindakake iku.

14. Manawa Ingsun ngandika marang wong duraka: Sira mesthi mati! -- nanging wong mau banjur nyingkiri pialane tuwin tumindak adil lan bener,

15. mbalekake gadhene wong, ngijoli barang rayahane, lakune manut pranatan-pranatan kang njalari urip, satemah ora nglakoni piala maneh, wong iku mesthi urip, ora bakal mati.

16. Sakehing dosa kang dilakoni ora bakal kaetung maneh; dheweke wus nglakoni kaadilan lan kabeneran, mulane mesthi bakal urip.

17. Ewadene para mitramu tunggal bangsa padha ngucap: Tumindake Sang Yehuwah iku ora bener! Mangka satemene tumindake wong-wong iku kang ora bener.

18. Saupama wong mursid ninggal kamursidane lan nglakoni piala, iku mesthi bakal mati marga saka pialane iku.

19. Kosok baline manawa wong duraka ninggal durakane lan banjur nindakake kaadilan lan kabeneran, mesthi bakal urip marga saka tumindake mau.

20. Ewasamono sira padha celathu: Tumindake Sang Yehuwah iku ora bener! Ingsun kang ngadili sira kabeh, manut kalakuanira dhewe-dhewe, he para turune Israel.”

21. Ing taun kaping sawelas, tanggal lima sasi sapuluh, sawuse aku kabeh padha kabuwang, aku katekan sawijining wong kang oncat saka Yerusalem, kang banjur celathu mangkene: “Kitha punika sampun teluk!”

maca bab lengkap Yeheskiel 33