Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 33:17-33 Kitab Sutji (JAV)

17. Ewadene para mitramu tunggal bangsa padha ngucap: Tumindake Sang Yehuwah iku ora bener! Mangka satemene tumindake wong-wong iku kang ora bener.

18. Saupama wong mursid ninggal kamursidane lan nglakoni piala, iku mesthi bakal mati marga saka pialane iku.

19. Kosok baline manawa wong duraka ninggal durakane lan banjur nindakake kaadilan lan kabeneran, mesthi bakal urip marga saka tumindake mau.

20. Ewasamono sira padha celathu: Tumindake Sang Yehuwah iku ora bener! Ingsun kang ngadili sira kabeh, manut kalakuanira dhewe-dhewe, he para turune Israel.”

21. Ing taun kaping sawelas, tanggal lima sasi sapuluh, sawuse aku kabeh padha kabuwang, aku katekan sawijining wong kang oncat saka Yerusalem, kang banjur celathu mangkene: “Kitha punika sampun teluk!”

22. Pangwaose Sang Yehuwah, nalika malem dina tekane wong kang oncat mau, wus nglimputi aku tuwin esuke ngarepake tekane wong kang oncat mau, Sang Yehuwah mbikak cangkemku. Cangkemku wus kabukak satemah aku wus ora bisu maneh.

23. Tumuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

24. “He, anaking manungsa, wong-wong kang manggon ing reruntuhan, yaiku ing tanah Israel, padha celathu: Nalika Rama Abraham kaparingan tanah iki dadi kagungane, panjenengane iku mung piyambakan bae; nanging aku kabeh iki gunggungku akeh, mulane tanah iki mesthi kaparingake marang kita dadi tanah pusaka.

25. Mulane sira tutura marang wong-wong iku: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sira padha mangan daging sagetihe, sira uga tansah padha tumenga marang para brahalanira tuwin sira padha ngwutahake getih -- apa sira bakal padha lestari ndarbeni tanah iki?

26. Sira padha ngendelake pedhangira, sira padha nglakoni kanisthan, kabeh padha ngrusuhi bojone pepadhane -- apa sira bakal padha lestari ndarbeni tanah iki?

27. Tutura marang wong-wong iku mangkene: Pangeran Yehuwah ngandika: Demi Ingsun kang agesang, wong kang padha manggon ing reruntuhan bakal ambruk mati dening pedhang, tuwin wong-wong kang ana ing ara-ara bakal Sunpakakake marang kewan alasan, dene kang manggon ing beteng-beteng lan ing guwa-guwa bakal mati kena ing pageblug.

28. Tanah iki bakal Sunsirnakake lan Sundadekake sepi mamring, dene kumlungkunge, kang marga saka santosane bakal mari; gunung-gununge Israel bakal dadi sepi mamring, satemah ora ana wong kang wani liwat ing kono.

29. Ing kono wong-wong mau bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, yaiku nalika Ingsun nyirnakake tanah iki lan Sundadekake sepi mamring, marga saka sakehing panggawene kang nistha, kang padha katindakake.

30. Anadene sira anaking manungsa, sira dirasani dening mitra-mitranira tunggal sabangsa ana ing sacedhake tembok-tembok lan lawanging omah-omah, mangkene anggone padha rerasanan: Ayo padha mrana lan ngrungokake apa kang kapangandikake dening Sang Yehuwah!

31. Wong-wong mau banjur padha marani sira kaya rakyat kang nglumpuk lan padha lungguh ana ing ngarepira, katon kaya umatingSun sarta padha krungu apa kang sira ucapake, nanging padha ora nglakoni mangkono; cangkeme kebak tetembungan kang isi katresnan, nanging atine mburu kauntungan kang nistha.

32. Sira iku nyata kayadene wong kang nglagokake kidung katresnan kalawan swara arum tumrap wong-wong iku, sarta kang pinter nylempung; padha krungu apa kang sira ucapake, nanging babar pisan ora padha tumindak mangkono.

33. Samangsa bab iku wus nekani -- lan iku nyata-nyata bakal nekani! -- wong-wong mau bakal padha sumurup, manawa ana nabi ing satengahe.”

maca bab lengkap Yeheskiel 33