Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 33:13-21 Kitab Sutji (JAV)

13. Manawa Ingsun ngandika marang wong mursid: sira mesthi urip! -- mangka wong iku ngendelake kamursidane, lan banjur nglakoni piala, kabeh panggawene becik ora bakal kaetung, lan wong mau mesthi mati marga saka pialane kang katindakake iku.

14. Manawa Ingsun ngandika marang wong duraka: Sira mesthi mati! -- nanging wong mau banjur nyingkiri pialane tuwin tumindak adil lan bener,

15. mbalekake gadhene wong, ngijoli barang rayahane, lakune manut pranatan-pranatan kang njalari urip, satemah ora nglakoni piala maneh, wong iku mesthi urip, ora bakal mati.

16. Sakehing dosa kang dilakoni ora bakal kaetung maneh; dheweke wus nglakoni kaadilan lan kabeneran, mulane mesthi bakal urip.

17. Ewadene para mitramu tunggal bangsa padha ngucap: Tumindake Sang Yehuwah iku ora bener! Mangka satemene tumindake wong-wong iku kang ora bener.

18. Saupama wong mursid ninggal kamursidane lan nglakoni piala, iku mesthi bakal mati marga saka pialane iku.

19. Kosok baline manawa wong duraka ninggal durakane lan banjur nindakake kaadilan lan kabeneran, mesthi bakal urip marga saka tumindake mau.

20. Ewasamono sira padha celathu: Tumindake Sang Yehuwah iku ora bener! Ingsun kang ngadili sira kabeh, manut kalakuanira dhewe-dhewe, he para turune Israel.”

21. Ing taun kaping sawelas, tanggal lima sasi sapuluh, sawuse aku kabeh padha kabuwang, aku katekan sawijining wong kang oncat saka Yerusalem, kang banjur celathu mangkene: “Kitha punika sampun teluk!”

maca bab lengkap Yeheskiel 33