Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 33:10-15 Kitab Sutji (JAV)

10. Sabanjure sira, he anaking manungsa sira tutura marang para turune Israel: Sira padha celathu mangkene: Panerak lan dosaku wus tumempuh marang aku kabeh, satemah aku padha tiwas; kapriye anggonku padha bisa lestari urip?

11. Sira tutura marang wong-wong iku: Demi Ingsun kang gesang, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Ingsun ora ngarsakake patine wong duraka, nanging Ingsun ngarsakake pamratobate wong duraka supaya urip. Padha mratobata, padha sumingkira saka ing lakunira kang ala iku! Yagene sira bakal padha mati, he para turune Israel?

12. Anadene sira, he anaking manungsa, sira tutura marang para mitranira tunggal bangsa mangkene: Kamursidane wong mursid iku ora njalari slamete, samangsa wong iku nglakoni panerak; lan pialane wong ala ora njalari anggone kesandhung, samangsa wong iku nyingkiri pialane; lan wong mursid ora bisa urip marga saka kamursidane, samangsa nglakoni dosa.

13. Manawa Ingsun ngandika marang wong mursid: sira mesthi urip! -- mangka wong iku ngendelake kamursidane, lan banjur nglakoni piala, kabeh panggawene becik ora bakal kaetung, lan wong mau mesthi mati marga saka pialane kang katindakake iku.

14. Manawa Ingsun ngandika marang wong duraka: Sira mesthi mati! -- nanging wong mau banjur nyingkiri pialane tuwin tumindak adil lan bener,

15. mbalekake gadhene wong, ngijoli barang rayahane, lakune manut pranatan-pranatan kang njalari urip, satemah ora nglakoni piala maneh, wong iku mesthi urip, ora bakal mati.

maca bab lengkap Yeheskiel 33