Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 26:14-21 Kitab Sutji (JAV)

14. Sira bakal Sundadekake gunung parang kang gundhul, satemah sira bakal dadi panggonan kanggo ngepe jala, sarta sira ora bakal kabangun maneh, awit Ingsun, Yehuwah kang ngandika mangkono. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

15. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah marang Tirus: Apa dhaerah pesisir ora bakal gumeter krungu gumebruging rubuhira, manawa wong-wong kang ketaton padha pating gluruh, marga saka akehe wong kang dipateni ana ing tengahira?

16. Sakehing ratu ing pinggiring samodra bakal seleh keprabon lan nyingkirake jubah-jubahing karajane lan nyelehake sandhangane kang manca warna; bakal kalimputan ing rasa gumeter sarta bakal padha nglosod ana ing lemah; bakal tansah gumeter tuwin kaget sumurup sira.

17. Sabanjure bakal padha ngrepekake kidung pangadhuh tumrap sira sarta bakal celathu marang sira:He, kutha kang pinuji, kapriye kowe iku,dene nganti ilang saka ing samodra,kutha kang kwasa ana ing sagara,kowe karo para pendhudhukmu,kang nukulake rasa girismarang para pendhudhuk ing dharatan?

18. Saiki, dhaerah pesisir gumetering nalika ambrukmu,dhaerah pesisir kang ana ing pinggir sagarapadha horeg krungu bab wekasanmu.

19. Awit mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing nalika Ingsun ndadekake sira dadi kutha reruntuhan, dadi kaya kutha kang ora ana pendhudhuke maneh, manawa Ingsun ndadekake robing samodra ngelebi sira lan banyuning banjir nutupi sira,

20. Ingsun bakal ngudhunake sira, supaya sira bebarengan karo para wong kang tumurun menyang ing luwangan kuburan, menyang ing panggonane bangsa dhek jaman kuna, sarta Ingsun bakal mapanake sira ana ing bumi kang ngisor dhewe kayadene reruntuhan ing jaman kuna, bebarengan karo para wong kang tumurun menyang ing luwangan kuburan, supaya sira aja dienggoni ing wong maneh, lan aja jumedhul maneh ana ing tanahe wong urip.

21. Wekasane uripira Suntemtokake bakal nggegirisi lan sira ora bakal tinemu maneh ing salawas-lawase. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”

maca bab lengkap Yeheskiel 26