Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 25:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. Aku kaparingan pangandika dening Sang Yehuwah mangkene:

2. “He, anaking manungsa, sira ngadega madhep ngener marang bani Amon lan medhara wangsit nglawan bangsa iku!

3. Kandhaa marang bani Amon: Rungokna pangandikane Pangeran Yehuwah: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sarehne sira ngucap kalawan sora: Sokur! Tumrap papan pasuceningSun, nalika kasucene dilanggar, lan tumrap tanah Israel, nalika kadadekake sepi mamring, sarta tumrap turune Yehuda, nalika kudu lunga menyang ing pambuwangan,

4. mulane lah Ingsun masrahake sira marang wong saka ing sisih wetan supaya dadi darbeke; iku bakal padha ngedegake tarube ana ing panggonanira lan mbangun papan padunungane; bakal mangan wowohanira tuwin ngombe susuning raja-kayanira.

5. Raba bakal Sundadekake pangonan unta sarta kutha-kuthane bani Amon Sundadekake plegunganing wedhus, tuwin sira bakal sumurup yen Ingsun iki Yehuwah.

6. Amarga mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing sarehne sira keplok-keplok lan gedrug-gedrug sarta bungah ing sajroning atimu awit saka sangsaraning tanah Israel,

7. marga saka iku, lah Ingsun bakal ngagakake astaningSun nglawan sira lan sira bakal Sunpasrahake dadi jarahan marang suku-suku bangsa tuwin Sunsirnakake saka ing satengahing para bangsa sarta Sunbengkas saka ing antarane nagara-nagara; sira bakal Sunmusnakake. Ing kono sira bakal sumurup manawa Ingsun iki Yehuwah.”

8. Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: “Ing sarehne Moab celathu: Lah turune Yehuda iku padha karo sakehing bangsa liya,

9. awit saka iku, lah tanahe pagunungan Moab bakal Sunblakake temah kutha-kuthane bakal ambruk, iya kutha-kuthane, ora ana kang ora, yaiku kang dadi rerengganing nagara iku: Bet-Yesimot, Baal-Meon lan Kiryataim.

maca bab lengkap Yeheskiel 25