Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 24:1-18 Kitab Sutji (JAV)

1. Nalika ing taun kang kasanga, tanggal ping sapuluh sasi sapuluh ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

2. “He, anaking manungsa, cathetana tanggale dina iki, iya tanggale dina iki. Ing dina iki uga ratu ing Babil wiwit nempuh Yerusalem.

3. Jinis kang wangkot iki sira kandhanana kalawan pasemon mangkene: Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene:Kencenge tumpangna ing geni, tumpangnabanjur isenana banyu,

4. nuli cemplungana tengkelan daging,kabeh tengkelan kang becik, pupune lan gegere;kebakana balung-balung pilihan.

5. Njupuka wedhuse kang pilihan,lan ing sangisore tumpukana kayu,olah-olahan iku cikben umobbalung-balung supaya uga dadi empuk ana ing njerone.

6. Awit saka iku pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: Bilai kutha kang kebak utang getih, kenceng kang nai ing jerone lan kang reregede ora ilang! Tengkelan-tengkelan mau entasen siji-siji ora usah ndadak milih-milih.

7. Amarga getih kang kailekake isih ana ing tengahe; anggone ngwutahake ana ing gunung parang kang gundhul. Ora kaesokake ing lemah, dimen kurugan ing lebu.

8. Mulane marga saka tuwuhing bebendu lan thukuling raos karsa ndhawahake piwales, Ingsun bakal ngwutahake getihe dhewe ing gunung parang kang gundhul supaya aja nganti ketutupan.

9. Mulane pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: “Bilai kutha kang kebak utang getih! Pawone bakal Sungedhekake.

10. Kayune tumpukana kang akeh, urubna genine, daginge dimen mateng temenan, duduhe buwangen, cikben balung-balunge padha gosong.

11. Kenceng kang kothong iku engkrengna ing geni mawa, supaya panas lan tembagane mengangah, satemah reregede ing jero sirna lan taiyenge ilang.

12. Nanging rekasaningSun iku tanpa guna, sabab taiyenge kang kandel iku ora gelem ilang, sanadyan ana ing sajroning geni.

13. Ing sarehne sira najisake awakira kalawan kanisthanira sarta Ingsun karsa ngresikake sira, nanging sira ora dadi resik, mulane sira ora bakal karesikan maneh, nganti Ingsun wus ngesokake dukaningSun marang sira.

14. Ingsun Yehuwah, kang mangandikakake iku. Iku mesthi bakal kelakon sarta Ingsun kang bakal nandukake. Ingsun ora bakal mundur lan ora bakal ngraos mesakake sarta ora bakal keduwung. Sira bakal Sunadili manut panggawenira, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”

15. Sawuse mangkono tumuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

16. “He, anaking manungsa, lah Ingsun bakal mundhut saka ing sira kang banget sira tresnani kalawan lara dadakan, nanging sira aja ngadhuh-adhuh utawa nangis sarta aja ngruntuhake eluh.

17. Anggonira ngesah aja nganti nywara, aja nganakake patangisan kepaten; ubedna serbanira lan nganggoa trumpahira, aja nutupi rainira lan aja mangan roti palayadan.”

18. Esuke aku rembugan karo bangsa iku, sorene bojoku tinggal donya. Esuke ing dina candhake aku nglakoni apa kang kadhawuhake marang aku.

maca bab lengkap Yeheskiel 24