Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 23:9-21 Kitab Sutji (JAV)

9. Mulane banjur Sunulungake ing tangane para kang didhemeni, ing tangane wong Asyur, kang dikedani.

10. Iku padha ngungkabi kawirangane; anake lanang lan wadon padha dicekel, dene dheweke dhewe banjur dipateni kalawan pedhang. Marga saka iku jenenge tansah dadi pocapan ana ing antarane golongan wanita, awit wus kapatrapan paukuman.

11. Sanadyan Oholiba, adhine, nyumurupi bab iku, ewasamono derenging asmarane lan anggone laku nistha ngluwihi mbakyune.

12. Kasmaran marang wong Asyur, marang para bupati lan para kang padha nyekel pangwasa, marang para pahlawan perang kang panganggone endah ngleluwihi, marang prajurit jejaranan, kang isih enom kabeh lan nggantheng-nggantheng.

13. Ingsun nguningani anggone najisake awake; loro-lorone kalakuane padha.

14. Malah anggone nglakoni kanisthan diwuwuh-wuwuhi: dheweke weruh gambar-gambar wong lanang ukiran ana ing tembok, gambare para wong Kasdim, kang kaukir mawa warna abang,

15. bangkekane sinabukan, nganggo serban mawa kloncer, kabeh katon prawira-prawira kayadene wong Babil saka ing Kasdim, tanah kalairane!

16. Sawuse ndeleng iku mau, banjur kasmaran marang wong-wong mau, nuli kongkonan marani menyang ing tanah Kasdim.

17. Banjur ana wong Babil kang padha teka lan sapaturon sarta najisake Oholiba kalawan kanisthane; bareng wus dadi najis nuli sumingkir saka ing wong-wong mau.

18. Sarehne anggone nglakoni kanisthan iku blak-blakan lan ngungkabi kawirangane, mulane Sundohi marga saka anggoningSun eneg, kayadene anggoningSun ngedohi sadulure wadon.

19. Anggone nglakoni kanisthan wuwuh-wuwuh maneh kalawan kelingan marang dhek enome, nalika tumindak nistha ana ing tanah Mesir.

20. Mitra-mitrane kang diajak laku nistha iku dikedani, kang kawirangane kaya kawirangane kuldi lan dakare kaya dakar jaran.

21. Sira kepengin marang pokalira kang rusuh nalika enomira, nalika wong Mesir padha nguyel-uyel dhadhanira lan ngemek-emek payudaranira kang isih prawan.

maca bab lengkap Yeheskiel 23