Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 23:44-49 Kitab Sutji (JAV)

44. Wong-wong mau anggone mara kaya patrape wong nekani wanita tunasusila. Kaya mangkono anggone padha nekani Ohola lan Oholiba prelu nindakake kanisthan.

45. Nanging para wong bener lan saleh bakal ngakimi wong-wong mau kayadene wong kang ngakimi para wong kang laku jina lan kang ngwutahake getih, amarga wong-wong iku padha laku jina lan tangane kuthah getih.”

46. Awit pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: “Cikben ana wong sagolongan kang nglawan marang wong-wong mau, cikben padha disiya-siya lan dijarah-rayah.

47. Bakal padha dibenturi watu dening wong sagolongan mau tuwin dipateni kalawan pedhange, lan omahe padha diobong nganti entek.

48. Ingsun bakal nguwisi tindak nistha ing tanah kono sarta para wong wadon bakal migatekake pepenget iku lan ora bakal nindakake kanisthan maneh kaya kang padha sira lakoni.

49. Lakunira kang nistha iku bakal katampekake marang sira tuwin sira kudu padha nanggung dosa-dosanira, amarga sira padha nyembah para brahala. Ing kono sira bakal sumurup, yen Ingsun iki Pangeran Yehuwah.”

maca bab lengkap Yeheskiel 23