Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 23:40-45 Kitab Sutji (JAV)

40. Wuwuh maneh padha nyeluk wong-wong saka ing panggonan kang adoh kalawan nglakokake kongkonan ngundang wong-wong mau, sarta iku, iya banjur padha teka. Marga saka tekane mau sira nuli adus nganti resik, alisira sira pulas lan sira banjur nganggo pepasren.

41. Sira lungguh ing paturon kang sarwa endah, kang ing ngarepe ana mejane kang wus tinatanan dhedhaharan; paturon iki sira dokoki dupa lan lenga kagunganingSun.

42. Tumuli keprungu swarane wong kang padha rame-rame, padha seneng-seneng karo dheweke lan karo para wong panunggalane wong akeh, kawuwuhan para wong mendem saka ing ara-ara samun. Iku padha ngetrapi gelang ing tangane lan makuthaning kamulyan ing sirahe.

43. Ingsun banjur ngunandika: Apa kembang kang wus alum iki isih laku jina? Wong padha bebedhangan karo dheweke, iya karo dheweke.

44. Wong-wong mau anggone mara kaya patrape wong nekani wanita tunasusila. Kaya mangkono anggone padha nekani Ohola lan Oholiba prelu nindakake kanisthan.

45. Nanging para wong bener lan saleh bakal ngakimi wong-wong mau kayadene wong kang ngakimi para wong kang laku jina lan kang ngwutahake getih, amarga wong-wong iku padha laku jina lan tangane kuthah getih.”

maca bab lengkap Yeheskiel 23