Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 23:21-39 Kitab Sutji (JAV)

21. Sira kepengin marang pokalira kang rusuh nalika enomira, nalika wong Mesir padha nguyel-uyel dhadhanira lan ngemek-emek payudaranira kang isih prawan.

22. Mulane, heh Oholiba, mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah, sira iku pancen wus ngedohi para bedhanganira, nanging lah iku bakal padha Sundhawuhi tumandang nglawan marang sira, iku bakal padha Sunirid lumawan saka ing sakiwa-tengenira:

23. Wong Babil lan kabeh wong Kasdim, wong Pekod, wong Soa lan wong Koa, lan sakehing wong Asyur padha bebarengan, para nom-noman kang bagus, para bupati lan para pahlawan perang, sakehing bala jaranan.

24. Iku bakal padha teka nglawan sira kanthi kreta lan rodha akeh sarta kalawan bangsa-bangsa sagrombolan; padha nata tameng gedhe lan cilik lan tuwin topong ana ing saubengira, apa maneh bakal padha Sunpasrahi prakara iki sarta sira bakal diadili manut angger-anggere.

25. Bentering panggalihingSun bakal Suntempuhake marang sira, temah wong-wong iku padha nanduki sira kalawan kanepsone, irung lan kupingira bakal diperungi, sarta kekarenira bakal mati dening pedhang. Anak-anakira lanang wadon bakal padha dicekeli, dene kekarene bakal kamangsa ing geni.

26. Sira bakal diblejedi lan pepasrenira karampas.

27. Ingsun bakal marekake pokalira kang jember lan tindakira kang nistha wiwit saka ing tanah Mesir, satemah sira ora bakal klirak-klirik marang wong-wong iku maneh sarta ora bakal ngeling-eling maneh marang wong Mesir.

28. Amarga mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun bakal ngulungake sira marang ing tangane wong kang sira sengiti, sanadyan sira wus ngedohi wong-wong mau.

29. Iku bakal gething marang sira, kabeh oleh-olehaning rekasanira bakal karampas lan sira katinggal wuda mblejed, temah kawiranganira katon. Tindakira kang jember lan pokalira kang nistha

30. kang nekakake iku kabeh marang sira, awit sira tumindak nistha kalawan ngendelake para bangsa sarta najisake awakira kalawan para brahalane.

31. Uripira iku niru kalakuane sadulurira tuwa, mulane sira bakal Sunombeni saka ing tuwunge.

32. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah:Sira kudu ngombe saka ing tuwunge,tuwung kang jero lan kang amba cangkeme,yaiku tuwung kang akeh isine,sira bakal dadi guyon lan kaiwi-iwi.

33. Sira bakal kebak endem lan kasusahan.Tuwunging pagiris kinanthen swasana sepiiku tuwunge Samaria sadulurira.

34. Iku sira ombe saampase,nganti tekan remukane sira krikiti sarta sira ngruwes-ngruwes payudaranira.Sabab Ingsun kang mangandikakake iku; mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

35. Awit saka iku mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sarehne sira lali marang Ingsun lan nyingkur marang Ingsun, saiki sira dhewe kang nanggung pokalira kang jember lan tindakira kang nistha.”

36. Sang Yehuwah banjur ngandika marang aku: “He, anaking manungsa, apa sira gelem ngadili Ohola lan Oholiba, tuwin martani bab tumindake kang nistha?

37. Awit wong iku padha laku bedhang, tangane kuthah getih, padha laku bedhang kanthi patrap nyembah marang para brahalane minangka pangane.

38. Kajaba saka iku padha duwe pokal mangkene marang Ingsun; padha najisake pasuceningSun ing dina iku, sarta padha nerak kasucening dina-dina SabatingSun.

39. Sabanjure nalika padha nyembeleh anak-anake kanggo para brahalane iku, ing dina iku iya nekani pasuceningSun lan nerak kasucene. Sanyata iki kang ditindakake ana ing padalemaningSun.

maca bab lengkap Yeheskiel 23