Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 23:1-13 Kitab Sutji (JAV)

1. Tumuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

2. “He, anaking manungsa, ana wong wadon loro, kang tunggal biyung.

3. Karone padha dadi wanita tuna-susila ana ing tanah Mesir; anggone tumindak mangkono nalika isih enom; ana ing kana payudarane kaemek-emek lan dhadhane kang isih prawan kaucel-ucel.

4. Kang tuwa jenenge Ohola dene kang enom Oholiba. Loro-lorone iku kagunganingSun lan padha nglairake anak lanang lan wadon. Mungguh jeneng-jeneng mau, Ohola iku yaiku Samaria, dene Oholiba iku Yerusalem.

5. Kacarita Ohola iku laku sedheng, mangka dadi kagunganingSun. Banget anggone kedanan marang para dhemenane, para wong Asyur, para pahlawan perang,

6. kang manganggo jarit wungu tuwa, para bupati lan para kang nyekel pangwasa, kabeh wong enom kang nggantheng, para prajurit jejaranan.

7. Ohola laku jina karo wong-wong mau, kabeh iku padha wong Asyur pepilihan; dheweke najisake awake karo kabeh wong kang padha dikedani, lan karo para brahalane.

8. Anggone laku jina wiwit saka ing tanah Mesir iku ora diuwis-uwisi, amarga wiwit enome wus tumindak mangkono, kaelus-elus dhadhane kang isih prawan, lan banjur padha ngesokake derenging napsune marang dheweke.

9. Mulane banjur Sunulungake ing tangane para kang didhemeni, ing tangane wong Asyur, kang dikedani.

10. Iku padha ngungkabi kawirangane; anake lanang lan wadon padha dicekel, dene dheweke dhewe banjur dipateni kalawan pedhang. Marga saka iku jenenge tansah dadi pocapan ana ing antarane golongan wanita, awit wus kapatrapan paukuman.

11. Sanadyan Oholiba, adhine, nyumurupi bab iku, ewasamono derenging asmarane lan anggone laku nistha ngluwihi mbakyune.

12. Kasmaran marang wong Asyur, marang para bupati lan para kang padha nyekel pangwasa, marang para pahlawan perang kang panganggone endah ngleluwihi, marang prajurit jejaranan, kang isih enom kabeh lan nggantheng-nggantheng.

13. Ingsun nguningani anggone najisake awake; loro-lorone kalakuane padha.

maca bab lengkap Yeheskiel 23