Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 22:22-31 Kitab Sutji (JAV)

22. Kayadene salaka kalebur ana ing pawon paleburan, iya kaya mangkono anggonira bakal padha kalebur ana ing kono. Sira nuli bakal padha sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah, kang ngesokake bebenduningSun marang sira.”

23. Sawuse mangkono banjur ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

24. “He, anaking manungsa, sira ngandhanana mangkene: Sira iku tanah kang ora oleh udan, ora oleh banyu ing mangsa bebendu,

25. kang panggedhene ana ing satengahe padha kaya singa nggero, kang ndekep memangsane: manungsa diuntal, raja-branane lan barang-barang kang ana ajine dirampas, cacahing randha kang ana ing satengahe kagawe saya wuwuh-wuwuh.

26. Para imame padha nerak angger-anggering ToretingSun lan najisake samubarang kang suci tumrap Ingsun; padha ora mbedakake apa kang suci lan kang ora suci, ora mulang bab bedane apa kang najis lan kang ora najis; padha ngeremake mripate tumrap dina-dinane SabatingSun. Kalawan mangkono Ingsun kanajisake ana ing satengah-tengahe.

27. Para panggedhene ana ing satengah-tengahe kaya asu ajag kang ngelak marang getih padha ndekep memangsane; padha golek kauntungan kanthi patrap kang ora kalal, kalawan gawe rusaking wong-wong.

28. Sabanjure para nabine padha ngusar wong-wong mau nganggo gamping, dikantheni sumurup wahyu kang ngapusi, sarta nindakake patenungan kang goroh tumrap wong-wong mau; nabi iku padha pratela: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah Allah! -- mangka Sang Yehuwah ora nglairake pangandika.

29. Para wong kang manggon ana ing nagara padha daksiya lan ngrerampas, nindhes wong sangsara lan mlarat, sarta memeres wong manca, dadi cengkah kalawan angger-angger.

30. Ingsun ngupadi ana ing satengahe wong-wong mau, sawijining wong kang sumedya ngedegake tembok utawa kang ngukuhi nagara iku ana ing ngarsaningSun, supaya aja nganti Sunsirnakake, nanging Ingsun ora manggih wong kang mangkono.

31. Mulane Ingsun banjur ngesokake bebenduningSun marang wong-wong mau, Sunsirnakake kalawan genining dukaningSun; kalakuane Suntampekake marang sirahe. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”

maca bab lengkap Yeheskiel 22