Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 22:14-26 Kitab Sutji (JAV)

14. Apa atinira bakal tetep kuwat lan tanganira rumangsa rosa samangsa Ingsun matrapi sira? Ingsun Yehuwah kang mangandikakake iku lan kang bakal nindakake iku uga.

15. Sira bakal Sunbuyarake ana ing antarane para bangsa lan Sunsebar ana ing nagara-nagara sarta najisira bakal Sunsirnakake saka ing sira.

16. Sabanjure sira bakal kanajisake ana ing ngarepe para bangsa marga saka kasalahanira dhewe sarta sira bakal sumurup manawa Ingsun iki Yehuwah.”

17. Tumuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

18. “He, anaking manungsa, tumrap Ingsun turune Israel iku wus dadi taining logam; wong kabeh iku kayadene tembaga, timah putih, wesi lan timah ireng ing sajroning pawon paleburan; kayadene tai salaka.

19. Mulane mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing sarehne sira kabeh padha dadi tai logam, mulane lah sira bakal padha Sunklempakake ana ing satengahe Yerusalem.

20. Kayadene wong kang ngumpulake salaka, tembaga, wesi, timah ireng lan timah putih ana ing pawoning paleburan lan ngububi genine ing sangisore kanggo nglebur iku, iya kaya mangkono anggoningSun bakal nglempakake sira kabeh ing sajroning bebenduningSun lan dedukaningSun lan sira bakal Sundekek ana ing kono sarta Sunlebur.

21. Ingsun bakal nglempakake sira kabeh lan banjur Sunsemprot kalawan genining dedukaningSun, satemah sira padha kalebur ana ing sajroning pawon iku.

22. Kayadene salaka kalebur ana ing pawon paleburan, iya kaya mangkono anggonira bakal padha kalebur ana ing kono. Sira nuli bakal padha sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah, kang ngesokake bebenduningSun marang sira.”

23. Sawuse mangkono banjur ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

24. “He, anaking manungsa, sira ngandhanana mangkene: Sira iku tanah kang ora oleh udan, ora oleh banyu ing mangsa bebendu,

25. kang panggedhene ana ing satengahe padha kaya singa nggero, kang ndekep memangsane: manungsa diuntal, raja-branane lan barang-barang kang ana ajine dirampas, cacahing randha kang ana ing satengahe kagawe saya wuwuh-wuwuh.

26. Para imame padha nerak angger-anggering ToretingSun lan najisake samubarang kang suci tumrap Ingsun; padha ora mbedakake apa kang suci lan kang ora suci, ora mulang bab bedane apa kang najis lan kang ora najis; padha ngeremake mripate tumrap dina-dinane SabatingSun. Kalawan mangkono Ingsun kanajisake ana ing satengah-tengahe.

maca bab lengkap Yeheskiel 22