Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 21:9-20 Kitab Sutji (JAV)

9. “He, anaking manungsa, sira medhara wangsit lan pratelakna: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Pedhang! Pedhang! Kang wus diasah lan uga wus kagebeg!

10. Diasah kanggo ngwutahake getih lan kagebeg supaya kelap-kelap kaya kilat. Apa aku kabeh bakal padha bungah-bungah? -- Tekene putraningSun iku ngremehake sawernane kayu!

11. Pedhang iku kapasrahake supaya kagebeg lan kena dianggo; pedhang iku kaasah lan kagebeg nuli kawenehake marang ing tangane si juru memateni.

12. Jerit-jerit lan nangisa, he anaking manungsa! Amarga pedhang iku kanggo nglawan umatingSun tuwin nglawan sakehing panggedhening Israel; wong-wong iku lan umatingSun padha bareng kamangsa ing pedhang. Mulane sira ceblek-cebleka cethik minangka tandhaning kasusahan.

13. Awit wis kelakon cinoba lan ora ana siji bae kang bisa tahan. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

14. Anadene sira anaking manungsa, medhara wangsit lan keplok-keploka, pedhang iku cikben dadi tikel loro, tikel telu. Iku pedhang kanggo memateni, pedhang kanggo mateni gedhen-gedhenan, kang mider-mider nyirnakake wong-wong mau,

15. supaya padha remuk atine lan kang tumeka ing pati wuwuh-wuwuh ana ing ngarepe saben gapurane. Ingsun kang dhawuh ngwutahake getih kalawan pedhang iku. Adhuh, pedhange iku kagawe kayadene kilat lan digebeg kanggo ngwutahake getih.

16. Medhanga manengen, mangiwa, menyanga ngendi bae arepira.

17. Sarta Ingsun uga bakal akeplok-keplok tuwin bentering panggalihingSun banjur wus lilih. Ingsun Yehuwah kang mangandikakake iku.”

18. Nuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

19. “He, sira anaking manungsa, nggambara dalan loro kang bakal diliwati ing pedhange ratu ing Babil, loro-lorone iku saka nagara siji. Sira masanga plang-dalan ing wiwitane dalan kang ngener menyang ing saben kutha.

20. Sira nggambara dalan kang kanggo liwat pedhang mau anggone banjur nglawan Raba, kutha-karajane bani Amon lan nglawan Yehuda, marang beteng Yerusalem.

maca bab lengkap Yeheskiel 21