Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 21:15-27 Kitab Sutji (JAV)

15. supaya padha remuk atine lan kang tumeka ing pati wuwuh-wuwuh ana ing ngarepe saben gapurane. Ingsun kang dhawuh ngwutahake getih kalawan pedhang iku. Adhuh, pedhange iku kagawe kayadene kilat lan digebeg kanggo ngwutahake getih.

16. Medhanga manengen, mangiwa, menyanga ngendi bae arepira.

17. Sarta Ingsun uga bakal akeplok-keplok tuwin bentering panggalihingSun banjur wus lilih. Ingsun Yehuwah kang mangandikakake iku.”

18. Nuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

19. “He, sira anaking manungsa, nggambara dalan loro kang bakal diliwati ing pedhange ratu ing Babil, loro-lorone iku saka nagara siji. Sira masanga plang-dalan ing wiwitane dalan kang ngener menyang ing saben kutha.

20. Sira nggambara dalan kang kanggo liwat pedhang mau anggone banjur nglawan Raba, kutha-karajane bani Amon lan nglawan Yehuda, marang beteng Yerusalem.

21. Amarga ratu ing Babil bakal ana ing dalan simpangan kono, yaiku ing wiwitane dalan loro mau, prelu arep nindakake patenungan. Panahe dikrocok, terafim dijaluki pituduh lan atining kewan katiti-priksa.

22. Tangane tengen banjur oleh panah patenungan tumrap Yerusalem: swarane wong kang mateni lan ngucapake pekik pertempuran supaya keprungua lan nuli masang totog-totog gapura sarta ngundhug-undhug lemah minangka tembok pangepungan tuwin ngedegake beteng pangepungan.

23. Nanging tumrap wong-wong mau, iku kaaranan patenungan apus-apusan, sanadyan padha nglairake sumpah kang dakik-dakik, nanging wong iku eling marang kaluputane wong mau, mulane banjur padha dicekel.

24. Awit saka iku -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing sarehne anggonira padha nglakoni kaluputanira iku njalari banjur kelingan marga saka kawiyake panerakira iku, satemah dosa-dosanira ing sajrone sakehing panggawenira tumuli padha kasumurupan, ing sarehne sira banjur padha dadi kelingan maneh, mulane sira bakal padha dicekel kalawan kekerasan.

25. Anadene sira, he ratu ing Israel, wong duraka kang ala, kang wus tumeka ing titimangsanira tampa pangadilan kang wekasan,

26. mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Serbanira sira singkirna lan mbuwanga makuthanira! Kaanan saiki iki ora ana kang tetep, kang endhek kadhuwurake, kang dhuwur kudu kaendhekake.

27. Reruntuhan, reruntuhan, bakal Sundadekake reruntuhan! Iki uga bakal ora lestari mangkono, nganti sarawuhe kang kagungan wewenang marang iku, kang bakal Sunparingake iku.”

maca bab lengkap Yeheskiel 21