Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 21:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Tumuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

2. “He, anaking manungsa, sira marepa menyang ing Yerusalem lan ngucapna panyendhu kang akeh marang papane kang suci sarta medhara wangsit kang nglawan tanah Israel.

3. Tanah Israel kandhanana: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun bakal nglawan sira lan bakal ngunus pedhangingSun saka ing warangkane tuwin banjur nyirnakake wong kang bener lan kang duraka saka ing tengahira.

4. Sarehne Ingsun arsa nyirnakake wong kang bener lan kang duraka saka ing tengahira, mulane pedhangingSun bakal kaunus saka ing warangkane banjur nglawan sakehing manungsa wiwit saka ing kidul nganti tekan ing lor.

5. Ing kono wong kabeh bakal padha sumurup, manawa Ingsun, Yehuwah ngunus pedhangingSun saka ing warangkane sarta ora bakal kawarangkakake maneh.

6. Anadene sira anaking manungsa, sesambata! Sira sesambata ana ing ngarepe wong-wong mau kaya wong kang tugel bangkekane lan kang ana ing sajroning kasangsaran kang pait.

7. Dene manawa padha takon marang sira: Yagene kowe sesambat? Wangsulana: Marga saka ana pawarta! Manawa pawarta iku wus sumebar, saben wong atine bakal remuk lan sakehe tangan dadi jimpe, sakehe semangat ilang lan sakehe wong padha giris nganti kapoyuh-poyuh. Lah iku bakal teka lan mesthi bakal kelakon. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”

8. Banjur ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

maca bab lengkap Yeheskiel 21