Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 20:39-49 Kitab Sutji (JAV)

39. He, sira para turune Israel, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, -- wong siji-sijine cikben lunga sujud marang para brahalane. Nanging sawuse iku sira bakal padha ngrungokake marang Ingsun lan mareni anggonira najisake kasucening asmaningSun kalawan sesajen-sesajenira lan para brahalanira.

40. Amarga ing gunungingSun kang suci, ing gununge Israel kang dhuwur, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- ana ing kono, iya ana ing tanah kono iku, turune Israel kabeh bakal padha ngabekti marang Ingsun. Ana ing kono Ingsun bakal karenan marang sira tuwin ana ing kono Ingsun bakal mundhut marang sira kurbanira kang mligi lan pisungsungira pepilihan, kabeh kang padha sira sucekake.

41. Kayadene marang padupan arum anggoningSun karenan marang sira nalika sira padha Sunedalake saka ing satengahing bangsa-bangsa tuwin Sunkempalake saka ing nagara-nagara panggonanira padha sumebar, sarta Ingsun bakal nedahake kasuceningSun marang sira kabeh ana ing ngarepe para bangsa.

42. Apadene sira bakal padha sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah, ing nalikane Ingsun ngirid sira lumebu menyang ing tanah Israel, tanah kang wus Sunjanjekake bakal Sunparingake marang para leluhurira.

43. Ana ing kono sira bakal padha tansah kelingan marang sakehing pratingkahira anggonira padha najisake awakira, satemah sira bakal padha ngrumangsani nisthaning awakira marga saka anggonira nglakoni sakehing piala.

44. Anadene sira bakal padha sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah, yaiku samangsa Ingsun, marga saka asmaningSun, ora nandukake marang sira kang satimbang kalawan pratingkahira kang ala lan nistha, heh turune Israel, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”

45. Tumuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

46. “He, anaking manungsa, marepa mangidul lan ngucapna panyendhu kang akeh marang tanah kidul sarta medhara wangsit marang alas ing tanah sisih kidul,

47. tuwin tutura marang alas ing sisih kidul: Pangandikane Sang Yehuwah iki rungokna: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun bakal karya geni ana ing sira kang bakal nyirnakake saben wit-witan kang urip ana ing sira lan saben wit kang garing. Geni kang murub mangalad-alad iku ora bakal sirep-sirep lan sakehing rai wiwit kang ana ing kidul nganti tekan kang ana ing lor bakal gosong dening geni iku.

48. Tuwin saben wong bakal sumurup, manawa Ingsun, Yehuwah kang karya geni iku, lan iki bakal ora sirep-sirep.”

49. Aku banjur munjuk: “Dhuh Pangeran Yehuwah, tiyang-tiyang wau sami nyariyosaken bab kawula: Apa kang dikandhakake iku dudu mung tembung pasemon?”

maca bab lengkap Yeheskiel 20