Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 20:34-40 Kitab Sutji (JAV)

34. Sira bakal Sunirid metu saka ing satengahe bangsa-bangsa lan Sunkempalake saka ing nagara-nagara, panggonanira padha kasebar kalawan asta kang rosa lan lengen kang kaacungake sarta kalawan bebendu kang kaesokake,

35. tuwin sira bakal Sunirid menyang ing ara-ara samuning bangsa-bangsa; ana ing kana Ingsun bakal prakaran kalawan sira aben ajeng.

36. Kayadene anggoningSun prakaran kalawan leluhurira ana ing ara-ara samun ing tanah Mesir, iya kaya mangkono anggoningSun bakal prakaran kalawan sira kabeh -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. --

37. Sira bakal padha Sunlampahake ing sangisore tekeningSun pangon lan Sunlebetake ing kandhang kalawan Sunetang.

38. Wong kang padha mbalela lan gawe duraka marang Ingsun bakal Sunpisah saka ing tengahira; iku bakal padha Sunedalake saka ing nagara panggonane neneka, nanging bakal padha ora lumebu ing tanah Israel. Ing kono sira bakal padha sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah.

39. He, sira para turune Israel, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, -- wong siji-sijine cikben lunga sujud marang para brahalane. Nanging sawuse iku sira bakal padha ngrungokake marang Ingsun lan mareni anggonira najisake kasucening asmaningSun kalawan sesajen-sesajenira lan para brahalanira.

40. Amarga ing gunungingSun kang suci, ing gununge Israel kang dhuwur, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- ana ing kono, iya ana ing tanah kono iku, turune Israel kabeh bakal padha ngabekti marang Ingsun. Ana ing kono Ingsun bakal karenan marang sira tuwin ana ing kono Ingsun bakal mundhut marang sira kurbanira kang mligi lan pisungsungira pepilihan, kabeh kang padha sira sucekake.

maca bab lengkap Yeheskiel 20