Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 20:20-32 Kitab Sutji (JAV)

20. dina-dina SabatingSun padha sira sucekna, supaya iku dadia pratandha ing antaraningSun lan sira kabeh, satemah wong banjur sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah Allahira.

21. Nanging anake padha mbalela marang Ingsun, lakune ora manut katetepaningSun lan ora nindakake pranataningSun kalawan setya, mangka sing sapa nindakake iku, bakal urip. Uga padha nerak kasucening dina-dina SabatingSun. Mulane karsaningSun bakal Sunesoki bebenduningSun, Sundhawahi dedukaningSun sakatoge ana ing ara-ara samun.

22. Nanging Ingsun nuli mekak astaningSun sarta anggoningSun tumindak iku marga saka asmaningSun, supaya aja kanajisake ana ing ngarepe para bangsa kang sumurup dhewe, nalika padha Sunirid metu.

23. Ewasamono Ingsun supaos ana ing ngarepe ana ing ara-ara samun, manawa bakal padha Sunbuyarake ana ing antarane para bangsa sarta Sunsebar menyang ing sakehe nagara,

24. amarga padha ora nindakake pranataningSun lan nampik marang katetepaningSun tuwin nerak kasucening dina-dina SabatingSun sarta mripate tansah padha tumenga marang para brahalane bapak-bapakne.

25. Ingsun uga banjur paring katetepan kang ora becik lan pranatan kang njalari ora padha bisa urip.

26. Padha Suntogake dadi najis kalawan anggone sesaji, anggone padha ngurbanake sarana kaobong ing geni kabeh kang lair dhisik dhewe saka ing guwa-garba, supaya padha kadunungana pagiris tuwin padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.

27. Awit saka iku, he anaking manungsa, sira tutura marang turune Israel lan kandhanana mangkene: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Uga ing bab iki para leluhurira padha memada marang Ingsun, yaiku anggone banjur ora setya marang Ingsun.

28. Amarga sawuse padha Sunbekta menyang nagara kang Sunjanjekake kalawan supaos bakal Sunparingake marang wong-wong mau, nuli padha tumenga marang saben tengger kang dhuwur lan marang saben wit-witan kang pange ngrembuyung sarta banjur padha nganakake kurban sembelehan tuwin nggawa sesajene kang gawe gerahing panggalihingSun, uga padha nyawisake sesajen kang arum ana ing kana lan ngesokake kurban omben-omben.

29. Banjur padha Sunpangandikani: Kang padha sira unggahi iku tengger apa? Mulane saprene jenenge Tengger.

30. Awit saka iku turune Israel iku kandhanana: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Apa sira uga najisake awakira, niru lakune leluhurira lan tumindak sedheng kanthi patrap ngeloni para dewane kang nistha iku?

31. Ing sajrone sira padha nggawa sesajenira, yaiku anak-anakira kang sira kurbanake sarana kaobong ing geni iku sira padha najisake awakira kalawan para brahalanira nganti ing dina iki; apa Ingsun isih ngarsakake sira padha nyuwun pitedah marang Ingsun, he turune Israel? Demi Ingsun agesang -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- Ingsun ora marengake maneh sira padha nyuwun pitedah marang Ingsun.

32. Lan apa kang tuwuh ana ing sajroning atinira babar pisan ora bakal kelakon, yaiku kang padha sira ucapake: Aku padha kepengin kaya bangsa-bangsa liyane, kayadene sakehing golongan ing nagara-nagara liya, supaya iya bisa nyembah marang wit-witan lan watu.

maca bab lengkap Yeheskiel 20