Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 20:10-21 Kitab Sutji (JAV)

10. Padha Sunirid metu saka ing tanah Mesir, Suntuntun menyang ing ara-ara samun.

11. Ana ing kana Sunparingi sumurup bab katetepan-katetepaningSun lan paring uninga bab pranatan-pranataningSun, anadene wong kang nindakake iku bakal urip.

12. Dina-dina SabatingSun uga Sunparingake minangka pratandha ing antarane Ingsun lan dheweke kabeh, supaya padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, kang nucekake wong-wong mau.

13. Nanging turune Israel ana ing ara-ara samun padha mbalela marang Ingsun; lakune padha ora manut ing katetepaningSun sarta padha nampik marang pranataningSun, mangka wong kang nindakake bakal urip. Kasucening dina-dina SabatingSun uga banget anggone katerak. Mulane karsaningSun bakal padha Sunesoki bebenduningSun ana ing ara-ara samun iku sarta bakal kasirnakake.

14. Nanging anggoningSun tumindak mangkono iku marga saka asmaningSun, supaya aja kanajisake ana ing ngarepe para bangsa, kang nyumurupi dhewe, nalika padha Sunirid metu iku.

15. Ewasamono ana ing ara-ara samun Ingsun supaos ana ing ngarepe, manawa ora bakal Sunbekta lumebu ing tanah kang wus Sunparingake, kang mili susu lan madu, tanah kang endah ana ing antarane sakehing nagara,

16. amarga padha nampik marang pranataningSun sarta ora lumaku manut ing katetepaningSun apadene padha nerak kasucening dina-dina SabatingSun, sabab atine padha ngeloni para brahalane.

17. Ewadene Ingsun ngraos welas mirsani wong-wong mau, satemah ora Sunsirnakake lan ora Suntumpes nganti tapis ana ing ara-ara samun.

18. DhawuhingSun marang para anake ana ing ara-ara samun mangkene: Lakunira aja padha manut marang ing katetepane bapakira lan aja padha nggondheli marang pranatane sarta aja padha najisake awakira kalawan para brahalane.

19. Ingsun iki Yehuwah Allahira. Padha lumakua manut ing katetepaningSun sarta padha nindakna pranataningSun kalawan setya,

20. dina-dina SabatingSun padha sira sucekna, supaya iku dadia pratandha ing antaraningSun lan sira kabeh, satemah wong banjur sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah Allahira.

21. Nanging anake padha mbalela marang Ingsun, lakune ora manut katetepaningSun lan ora nindakake pranataningSun kalawan setya, mangka sing sapa nindakake iku, bakal urip. Uga padha nerak kasucening dina-dina SabatingSun. Mulane karsaningSun bakal Sunesoki bebenduningSun, Sundhawahi dedukaningSun sakatoge ana ing ara-ara samun.

maca bab lengkap Yeheskiel 20