Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 20:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing nalika taun kapitu, tanggal ping sapuluh sasi lima, ana pinituwane Israel sawatara kang teka lan banjur lungguh ana ing ngarepku arep nyuwun pitedahe Sang Yehuwah.

2. Banjur ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

3. “He, anaking manungsa, tutura marang para pinituwaning Israel iku lan kandhanana mangkene: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sira padha teka arep nyuwun pitedah marang Ingsun? Demi Ingsun kang gesang, Ingsun ora marengake sira padha nyuwun pitedah marang Ingsun -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. --

4. Apa sira gelem ngadili wong-wong iku, he anaking manungsa, apa sira gelem ngadili wong-wong iku? Padha sumurupna marang panggawene leluhure kang nistha,

5. lan tutura marang wong-wong iku: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing dina nalika Ingsun milih Israel, Ingsun supaos marang turune Yakub sarta ana ing tanah Mesir padha Sunsumurupake marang Ingsun. Ingsun supaos ana ing ngarepe: Ingsun iki Yehuwah Allahira!

6. Ing dina iku Ingsun supaos ana ing ngarepe manawa bakal padha Sunbekta saka ing tanah Mesir menyang ing tanah kang Sunpilih supaya dadia ebeke, nagara kang mili susu lan madu, tanah kang endah ing antarane sakehing nagara.

7. Apadene padha Sunpangandikani mangkene: Saben wong mbuwanga para dewane kang marakake najis, kang tansah ditenga, lan sira aja najisake awakira kalawan brahala-brahala Mesir; Ingsun iki Yehuwah Allahira.

8. Nanging banjur padha mbalela marang Ingsun lan ora gelem ngrungokake marang Ingsun; saben wong ora mbuwang dewa-dewane kang marakake najis, kang tansah dipandeng sarta ora ninggal brahala-brahala Mesir. Mulane karsaningSun bakal ngesokake bebenduningSun marang wong-wong iku, Sundhawahi dedukaningSun sakatoge ana ing satengahe tanah Mesir.

9. Nanging anggoningSun tumindak mangkono iku marga saka asmaningSun, supaya aja kanajisake ana ing ngarepe para bangsa, kang tanahe padha dienggoni. Ana ing ngarepe bangsa-bangsa iku padha Sunsumurupake marang Ingsun, bakal Sunirid metu saka ing tanah Mesir.

10. Padha Sunirid metu saka ing tanah Mesir, Suntuntun menyang ing ara-ara samun.

maca bab lengkap Yeheskiel 20