Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 2:7-10 Kitab Sutji (JAV)

7. Padha sira dhawuhana sapangandikaningSun, sanadyan dirungokake utawa ora, amarga padha ambek mbalela.

8. Dene sira, anaking manungsa, apa sapangandikaningSun marang sira iku rungokna, lan sira aja mbalela kaya jinis kang ambek mbalela iku. Sira mangapa, panganen apa kang Sunparingake marang sira.”

9. Aku mulat, lah ana asta kang kaulungake marang aku lan asta mau nyepeng layang gulungan,

10. kang banjur dibeber ana ing ngarepku. Ing kono katon ing jaba lan ing jerone katulisan kidung pangadhuh, pangesah lan pasambat.

maca bab lengkap Yeheskiel 2