Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 2:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Pangandikane marang aku mangkene: “He, anaking manungsa, sira tangia lan ngadega, nuli sira Sunpangandikani.”

2. Bareng aku wus dipangandikani mangkono, aku banjur kadunungan roh kang ngadegake aku, sarta aku krungu kang mangandikani aku.

3. Pangandikane marang aku mangkene: “He, anaking manungsa, sira Sunutus nemoni wong Israel, bangsa kang ambek mbalela, kang wus mbalela marang Ingsun. Bangsa iki dalah para leluhure wus padha gawe duraka marang Ingsun nganti tumeka ing dina iki uga.

4. Anadene turune padha mbangkang lan wangkot atine; sira Sunutus nemoni bangsa iku, padha kandhanana: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah.

5. Dene iku padha ngrungokake apa ora -- amarga iku jinis kang ambek mbalela -- nanging bakal padha sumurup, manawa ing satengahe bangsa iku ana nabine.

6. Lan sira, anaking manungsa, aja wedi marang wong-wong iku tuwin marang tembung-tembunge, sanadyan sira kinepung ing lateng lan eri, sarta pamanggonira ana ing tengahe kalajengking. Aja wedi marang tembung-tembunge lan aja ndhredheg ana ing ngarepe, amarga iku jinis kang ambek mbalela.

maca bab lengkap Yeheskiel 2