Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 18:25-32 Kitab Sutji (JAV)

25. Ewadene kowe padha ngucap: Tumindake Sang Yehuwah iku ora bener! Rungokna dhisik, he turune Israel, tumindakingSun apa tumindakira kang ora bener?

26. Manawa wong mursid ninggal kamursidane lan nindakake kaculikan satemah banjur mati marga saka kaculikan kang katindakake.

27. Balik wong duraka manawa mratobat lan ninggal durakane kang dilakoni tuwin banjur nindakake kaadilan lan kabeneran, iku bakal mitulungi nyawane.

28. Wong iku wus yakin lan banjur nyingkiri sakehing duraka kang katindakake; iku mesthi urip, ora bakal mati.

29. Ewasamono turune Israel celathu: Tumindake Sang Yehuwah iku ora bener! He, turune Israel, tumindakingSun apa tumindakira kang ora bener?

30. Awit saka iku, he turune Israel, sira bakal padha Sunadili manut tumindakira dhewe-dhewe. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. Padha mratobata lan padha sumingkira saka ing sakehe durakanira, supaya iku tumrap sira ora dadi sandhungan, kang njalari sira padha tumiba ing kaluputan.

31. Padha mbuwanga sakehing duraka kang padha sira tandukake marang Ingsun lan atinira sarta rohira padha sira anyarna! Yagene sira bakal padha mati, he turune Israel?

32. Amarga Ingsun ora rena, manawa wong kudu nanggung patine. -- Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. -- Mulane padha mratobata, supaya sira urip!”

maca bab lengkap Yeheskiel 18