Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 18:21-28 Kitab Sutji (JAV)

21. Nanging manawa wong duraka mratobat lan ngunduri sakehing dosa kang dilakoni tuwin ngugemi sakehing katetepaningSun sarta nindakake kaadilan lan kabeneran, iku mesthi urip, ora bakal mati.

22. Sakehing duraka kang dilakoni ora bakal kaetung maneh tumrap dheweke; wong iku bakal urip marga saka kabeneran kang dilakoni.

23. Apa Ingsun rena marga saka matine wong duraka? -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. -- Apa ora marga saka pamratobate supaya urip?

24. Manawa wong mursid ninggal kamursidane lan banjur nindakake kaculikan kayadene sakehing kanisthan kang dilakoni dening wong duraka -- apa wong iku bakal urip? Sakehing kamursidan kang katindakake ora bakal kaetung maneh. Wong iku kudu mati awit saka anggone ora setya lan marga saka dosa kang katindakake.

25. Ewadene kowe padha ngucap: Tumindake Sang Yehuwah iku ora bener! Rungokna dhisik, he turune Israel, tumindakingSun apa tumindakira kang ora bener?

26. Manawa wong mursid ninggal kamursidane lan nindakake kaculikan satemah banjur mati marga saka kaculikan kang katindakake.

27. Balik wong duraka manawa mratobat lan ninggal durakane kang dilakoni tuwin banjur nindakake kaadilan lan kabeneran, iku bakal mitulungi nyawane.

28. Wong iku wus yakin lan banjur nyingkiri sakehing duraka kang katindakake; iku mesthi urip, ora bakal mati.

maca bab lengkap Yeheskiel 18