Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 18:11-20 Kitab Sutji (JAV)

11. -- sanadyan si bapa ora nglakoni bab iku babar pisan -- uga mangan daging kurban kang ana ing gunung lan ngrusuhi bojoning liyan,

12. nindhes wong sangsara lan mlarat, ngrampas, ora mbalekake gadhening wong, tumenga marang para brahala tuwin nglakoni kanisthan,

13. nganakake dhuwit lan njupuk bebathening lintah darat, wong kang mangkono iku kudu mati; getihe nampek marang awake dhewe.

14. Lah manawa wong mau duwe anak lan anak iki nyumurupi sakehing dosa kang dilakoni dening bapakne, nanging mangreteni bab iku, satemah ora tumindak mangkono, yaiku:

15. ora mangan daging kurban kang ana ing gunung, ora tumenga marang para brahalane turune Israel, ora ngrusuhi bojone liyan,

16. ora nindhes wong liya, ora njaluk cekelan, ora ngrampas apa-apa, aweh mangan marang wong luwe, aweh sandhangan marang kang kewudan,

17. ngedohi kaculikan, ora nganakake dhuwit lan ora njupuk bebathening lintah dharat, nindakake pranataningSun lan lakune manut ing katetepaningSun -- wong mangkono iku ora bakal mati marga saka kaluputane bapakne, mesthi urip.

18. Bapakne kang gawene memeres, kang ngrampas lan kang nglakoni bab-bab kang ora becik ana ing satengahing bangsane, lah iku bakal mati marga saka kaluputane.

19. Ewasamono sira padha celathu: Yagene anak kok ora melu nanggung kaluputane bapakne? -- Amarga anak iku nglakoni kaadilan lan kabeneran; nindakake sakehing katetepaningSun kalawan setya, mulane mesthi urip.

20. Wong kang nglakoni dosa, iku kang kudu mati. Anak ora bakal melu nanggung kaluputane bapakne lan bapa ora bakal melu nanggung kaluputane anake. Wong mursid bakal tampa berkahing kamursidane lan wong duraka bakal nanggung durakane dhewe.

maca bab lengkap Yeheskiel 18