Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 18:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Tumuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:

2. “Ana apa ta sira iku, dene padha ngucapake tembung sesemonan iki ana ing tanah Israel: Para bapa padha mangan woh mentah lan untune anak-anake padha dadi linu?

3. Demi Ingsun kang gesang -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- sira ora bakal ngucapake tembung sesemonan iki maneh ana ing Israel.

4. Lah ta sakehing nyawa iku Ingsun kang ndarbeni! Apa nyawaning bapa apa nyawaning anak iku kagunganingSun! Dene wong kang nglakoni dosa, iku kang kudu mati.

5. Manawa ana wong mursid kang nindakake kaadilan lan kabeneran,

6. ora mangan daging kurban kang ana ing gunung utawa ora tumenga marang para brahalane Israel, ora ngrusuhi bojone pepadhane lan ora sapaturon karo wong wadon kang lagi nggarap sari,

7. ora nindhes wong liya, mbalekake gadhening wong, ora ngrampas apa-apa, aweh mangan wong luwe, aweh sandhangan marang wong kewudan,

8. ora nganakake dhuwit utawa njupuk bebathening lintah dharat, ngedohi laku culika, nindakake tatanan kang bener ing antarane wong lan pepadhane,

9. lakune manut katetepaningSun lan tansah nglakoni pranataningSun kalawan setya -- yaiku wong kang mursid lan mesthi bakal lestari urip. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

10. Nanging manawa wong mau duwe anak kang dadi garong lan kang seneng ngwutahake getih utawa nglakoni salah sawijining panggawe kang kaya mangkono

maca bab lengkap Yeheskiel 18