Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 17:2-13 Kitab Sutji (JAV)

2. “He, anaking manungsa, turune Israel wenehana cangkriman lan pasemon.

3. Tutura mangkene: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ana sawijining manuk garudha gedhe kang swiwine gedhe dawa, wulune ketel mancawarna, iku niyup menyang ing gunung Libanon lan nothol pucuking wit eres.

4. Pucuke kang dhuwur dhewe dipunggel banjur digawa menyang ing sawijining nagara dagang, nuli diselehake ana ing kuthane wong dagang.

5. Nuli njupuk trubusan ing tanah kono banjur ditandur ana ing pategalan kang wus kari nanduri bae; trubusan mau diprenahake ing sacedhaking banyu kang kimplah-kimplah, patrape kaya nandur wit gandarusa

6. satemah banjur thukul dadi wit anggur kang ketel, endhek pange akeh padha tumelung ngener marang manuk mau, dene oyod-oyode tetep ana ing sangisore. Mangkono anggone banjur dadi wit anggur kang metu elunge lan trubusane nggedhabyah.

7. Ing kono nuli ana manuk garudha gedhe liyane, kang swiwine gedhe, wulune ketel. Lah wit anggur mau banjur ngenerake oyod-oyode marang manuk iku lan pang-pange ditelungake mrono uga, supaya manuk iku ngilenana luwih becik tinimbang karo papan tumancepe.

8. Mangka wit iku wus katandur ing pategalan kang becik, cedhak karo banyu akeh kang luber supaya banjur metu pang-pange lan awoh sarta supaya dadi wit anggur kang becik.

9. Sira tutura: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Kang mangkono iku apa bakal mikolehi? Apa oyod-oyode ora bakal didhungkari ing wong lan wohe apa ora bakal dirantasi, satemah godhong-godhonge kang enom padha dadi garing? Ora usah tangan kang rosa lan wong akeh kang mbedhol saoyod-oyode.

10. Lah ta iku pancen ditandur, nanging apa bakal ana kasile? Apa iku ora bakal alum garing manawa katempuh ing angin wetan? Mesthi bakal alum lan garing ana ing papan thukule iku.”

11. Nuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:

12. “Tutura marang golongan mbalela iku mangkene: Apa sira ora sumurup marang tegese iki? Kandhanana: Lah ratu Babil bakal teka ing Yerusalem lan nyekel ratune sarta para panggedhene banjur padha diboyongi menyang ing Babil.

13. Nuli njupuk sawijining turuning ratu, kaajak nganakake prajanjian kalawan sumpah. Wong-wong kang nyekel pangwasa ing nagara kono iya padha dicekeli,

maca bab lengkap Yeheskiel 17