Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 17:14-24 Kitab Sutji (JAV)

14. supaya karajan iku dadi ringkih lan ora mbalela maneh, uga supaya netepi prajanjiane sarta kalawan mangkono banjur bisa lestari madeg.

15. Nanging wong iku meksa mbalela marang ratu ing Babil, nglakokake kongkonan menyang Mesir, supaya kabantonana jaran lan wadya-bala akeh. Apa bakal kelakon karepe? Apa wong kang mangkono pratingkahe iku bisa oncat? Apa wong kang mbubrah prajanjian iku bisa oncat?

16. Demi Ingsun kang gesang -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- wong iku mesthi bakal mati ana ing nagara Babil, ing panggonane raja kang ndadekake ratu, amarga nganggep entheng marang sumpahe marang raja iku lan mbubrah prajanjiane kalawan raja mau.

17. Tur Pringon ora bakal aweh pambiyantu anggone perang awujud wadya-bala akeh lan wong sagolongan gedhe, nalika tembok lan beteng pangepungan didegake kanggo nyirnakake wong akeh.

18. Iya, wong mau pancen ngremehake sumpah lan mbubrah prajanjian. Lah ta sanadyan anggone saguh iku kalawan jawatan tangan, nanging kabeh mau padha katerak, mulane ora bisa oncat.

19. Awit saka iku pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: Demi Ingsun gesang, sumpahe marang Ingsun kang dianggep entheng lan prajanjiane ana ing ngarsaningSun kang kabubrah, iku bakal Suntampekake marang sirahe.

20. Ingsun bakal masang jaringingSun kanggo nyekel wong iku, mesthi bakal kena Sunkala sarta banjur bakal Sunbekta menyang ing Babil tuwin ana ing kana bakal Sundamel prakara amarga ngowahi kasetyane marang Ingsun.

21. Anadene kabeh wadya-balane pepilihan bakal tiwas dening pedhang, dene kang bisa oncat bakal kasebar menyang ing sakehing keblat. Ing kono sira bakal sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah, kang mangandikakake iku.

22. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun piyambak bakal mundhut pang saka ing pucuking wit eres kang dhuwur bakal Suntanem; pucuke kang dhuwur dhewe kang isih enom bakal Sunpunggel lan bakal Suntanem piyambak ana ing gunung kang munggul dhuwur;

23. iku bakal Suntanem ing gununge Israel kang dhuwur, supaya bisa ngepang-ngepang lan awoh sarta dadi wit eres kang ngedab-edabi; sakehing jinis manuk lan kang mawa wulu tuwin swiwi padha manggon ing sangisore, padha ngayom ing sangisoring pang-pange.

24. Ing kono kabeh wit-witan ing ara-ara bakal padha sumurup, yen Ingsun, Yehuwah, ngasorake wit kang dhuwur lan ngluhurake wit kang asor, ndadekake alum lan garing wit kang seger lan ndadekake trubus maneh wit kang alum lan garing. Ingsun, Yehuwah, kang ngandikakake lan bakal nindakake iku.”

maca bab lengkap Yeheskiel 17