Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 16:56-63 Kitab Sutji (JAV)

56. Bakyunira Sodom, bakyunira kang anom dhewe, nalika ing wektu gumunggungira rak dadi pocapanira,

57. sadurunge pialanira kawiyak, iya kayadene saiki, sira uga dadi cacadan tumrap para anake wadon Edom lan para wong ing sakiwa-tengene sarta tumrap anak-anak wadon Filisti, kang padha ngremehake sira saka ing sakiwa-tengenira?

58. Kanisthanira lan panggawenira kang asor iku kudu sira tanggung. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

59. Amarga mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun bakal nandukake marang sira kaya apa kang sira lakoni, yaiku sumpah sira anggep entheng kanthi patrap ngrusak prajanjian.

60. Nanging Ingsun bakal ngengeti prajanjianingSun kalawan sira nalika enomira sarta Ingsun bakal nganakake prajanjian kang langgeng kalawan sira.

61. Ing kono sira banjur eling marang kalakuanira lan rumangsa isin, ing nalika Ingsun mundhut para bakyunira, kang tuwa lan kang enom, nuli Sunparingake marang sira dadi anakira, nanging ora adhedhasar anggonira netepi prajanjian.

62. Ingsun bakal nglanggengake prajanjianingSun kalayan sira sarta sira bakal sumurup manawa Ingsun iki Yehuwah,

63. tuwin marga saka kang mangkono iku sira bakal tansah eling marang dhek biyen lan ngrasa isin, nganti cangkemira mingkem babar pisan awit saka kawiranganira, nalika Ingsun nganakake panebus tumrap sakehing panggawenira. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”

maca bab lengkap Yeheskiel 16