Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 16:48-58 Kitab Sutji (JAV)

48. Demi Ingsun kang gesang -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- sadulurira wadon Sodom saanak-anake wadon ora nindakake apa kang sira lakoni kalawan anak-anakira wadon.

49. Lah ta mungguh kaluputane sadulurira wadon Sodom iku mangkene: gumunggung, bisa mangan nganti turah-turah sarta seneng uripe dalasan para anak-anake wadon, nanging ora tetulung marang para wong sangsara lan mlarat.

50. Banjur padha kumlungkung lan padha nindakake kanisthan ana ing ngarsaningSun; mulane bareng Ingsun nguningani bab iku, banjur padha Sundohake.

51. Dene Samaria iku anggone nglakoni dosa ora ana saparonira, nanging sira malah tumindak nistha ngluwihi sakarone iku, satemah marga saka anggonira nglakoni sakehing durakanira iku, sira njalari para sadulurira wadon katon ora luput.

52. Mulane, heh sira, sira nyanggaa kawiranganira dhewe, kang njalari paukuman tumrap sadulur-sadulurira wadon luwih entheng katimbang kang tumrap sira; marga saka dosa-dosanira ngluwihi nisthane para sadulurira, mulane iku padha luwih resik katimbang sira. Mulane isina lan nyanggaa kawiranganira dhewe, awit sira njalari sadulur-sadulurira wadon padha katon ora luput.”

53. “Nanging Ingsun bakal damel pulihing kaanane, Sodom saanak-anake wadon sarta Samaria saanak-anake wadon, apadene Ingsun uga bakal mulihake kaananira ana ing satengahe wong-wong mau,

54. supaya sira nyanggaa ing kawiranganira lan supaya sira rumangsaa isin marga saka sakehing panggawenira iku.

55. Anadene mungguh para bakyunira, Sodom saanak-anake wadon bakal pulih kaanane kaya ing maune; Samaria saanak-anake wadon uga bakal pulih kaanane kaya ing maune; sarta sira saanak-anakira wadon uga bakal kapulihake kaananira kaya ing maune.

56. Bakyunira Sodom, bakyunira kang anom dhewe, nalika ing wektu gumunggungira rak dadi pocapanira,

57. sadurunge pialanira kawiyak, iya kayadene saiki, sira uga dadi cacadan tumrap para anake wadon Edom lan para wong ing sakiwa-tengene sarta tumrap anak-anak wadon Filisti, kang padha ngremehake sira saka ing sakiwa-tengenira?

58. Kanisthanira lan panggawenira kang asor iku kudu sira tanggung. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

maca bab lengkap Yeheskiel 16