Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 16:19-35 Kitab Sutji (JAV)

19. Uga dhaharaningSun kang Sunparingake marang sira, yaiku glepung kang becik dhewe, lenga lan madu kang Sunparingake minangka panganira, iku iya sira wenehake minangka sesajen kang arum. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

20. Malah dalasan anak-anakira lanang lan wadon kang sira lairake kagem Ingsun uga sira jupuk, sira dadekake sesajen marang reca-reca mau minangka pangane. Apa tindakira kang nistha kang mangkono iku durung cukup,

21. dene sira uga banjur nyembeleh para putraningSun, sira pasrahake marang reca-reca iku, sira dadekake kurban sarana kaobong ing geni?

22. Ing sajrone sakehing panggawenira kang asor lan nistha iku sira ora kelingan maneh marang nalika enomira, nalika sira isih wuda mblejed lan kroncalan kalawan kuthah getihira.

23. Lan sawuse sakehing durakanira iku -- bilai, bilai sira! Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, --

24. sira nganakake panggonan kang dhuwur lan gawe tengger pangurbanan ana ing saben ara-ara.

25. Sira gawe tengger pangurbanan ana ing saben prapatan lan banjur adol kaendahaning warnanira dadi tindak kang nistha kalawan mlengkahake pupunira sakarone kanggo saben wong liwat; kalawan mangkono kanisthanira saya wuwuh-wuwuh.

26. Sira tumindak nistha kalawan wong Mesir, tangganira kang karem asmara iku, satemah kanisthanira saya wuwuh-wuwuh maneh, njalari gerahing panggalihingSun.

27. Lah sira wus Ingsun lawan lan wus Sunkurangi cadhongira sarta sira Sunulungake marang tindake sawenang-wenang para wong kang padha sengit marang sira, yaiku para wong wadon Filisti, kang rumangsa isin ndeleng pratingkahira kang nistha iku.

28. Sira uga alaku nistha kalawan wong Asyur, amarga sira durung ngrasa marem, malah sanadyan sira wus laku nistha kalawan wong-wong iku, ewadene meksa durung ngrasa marem.

29. Tumindakira kang nistha iku sira wuwuhi sarana panggawenira kang mangkono iku karo nagara dagang Kasdim, nanging iya meksa durung marem.

30. Kebangeten temen anggonira ngumbar hawa-nepsunira iku -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- kabeh iku mau sira tindakake, yaiku panggawening sundel keparat,

31. kang nganakake pepunthuk ana ing saben prapatan lan gawe tetengger pangurbanan ana ing ara-ara. Nanging sira iku beda karo wanita tunasusila kang lumrah, amarga sira nampik opah.

32. He, wong wadon kang laku jina, kang ngrangkul wong-wong liya minangka gegentine bojone dhewe.

33. Sakehing wanita tunasusila padha gelem nampani opah, nanging sira ora mangkono, sira kang malah ngopahi para wong kang sira ajak bedhangan minangka pamikat, supaya wong-wong ing sakiwa tengenira padha marani sira lan banjur bebedhangan.

34. Mulane anggonira nindakake kanisthan iku patrape kosak-balen karo para wong wadon liyane; dudu wonge kang ngoyak sira, nanging sira kang malah menehi opahing kanisthan, dene sira ora oleh apa-apa; dadi kosok-balen kalawan sira.

35. Mulane, he wong wadon tunasusila, rungokna pangandikane Pangeran Yehuwah!

maca bab lengkap Yeheskiel 16